Warung Mangan Gratis ring Kutha Banyuwangi
Urip Limartono Aris (dipublikasikan pada Selasa, 03 Agustus 2021 07:26 WIB)
- Laporan
Kadhung rika olah raga dina Minggu isuk liwat ring Setropenganten dalan Letjen Sutoyo, rika mesthi weruh ana warung mangan gratis hang ngadeg ring trotoar dalan. Sapa bain ulih mangan sakwarege, sing kathikan mbayar. Warung iki dibukak wis petang minggu iki. Sapa wong hang nduwe gagasan warung mangan gratis iki, sing liya ya Mbok Ima (aran jangkepe Rohimatul Maghfiro) hang manggon ring dalan Letjen Sutoyo Gang Parkit.
Kawitane warung mangan gratis iki dibukak kerana Mbok Ima trenyuh ngerungokaken gesahe tukang-tukang becak ring kana. Usume Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PPKM) iki, tukang-tukang becak gesah ambi kanca-kancane kaya-kayaa wis sing sanggup ngelakoni urip ring mangsa pageblug kaya saiki iki. Momotan sing kaya dina biyasahe. Kadhang sedina muput sing ana momotan blas. Wong-wong sing ana hang pati metu kerana pageblug. Pungkasane tukang-tukang becak iku sing ulih picis kanggo mangan keluwargane. Kanggo kebutuhan keluwargane iku, ana hang kepingin nyendhekaken becake ring gadhen, kerana sing ana hang dienggo mangan keluwargane. Ana hang sambat wis sing kaetung utange.
Kadhung becake disendhekaken, aju iyane ulih picis teka endi maning? Cerita-cerita iku dadi pikirane Mbok Ima, sampek iyane sing bisa turu. Pungkasane, iyane njaluk penemu nyang lakine hang megawe ring Bank BPR Jatim Banyuwangi.
“Tepak iku Isun mung nyiaypaken picis 500 ewu kanggo nggawe panganan. Isun njaluk tulung nyang Mbok Tutik hang biyasah masakaken keluwarganisun,” jare Mbok Ima.
Kejaba Mbok Tutik, ya ana mbok-mbok liyane warga RT 01 lan RT 02 RW 1 Lingkungan Stendo Kel. Tukangkayu, hang milu ndhukung kekarepane Mbok Ima. Masiya sing milu ngewani picis, mbok-mbok liyane ya ndhukung tenaga, milu tandang. Kerana masiya ana picise, kadhung sing ana hang tandang, ya hing bisa melaku kekarepane Mbok Ima. “Siji-siji, mbok-mbok ring kene mulai ndhukung karepisun. Kaya Mbok Riski, Mbok Sipur, Mbok Ninik, Mbok Ita lan liya-liyane. Ana hang mung ndhukung tenaga, ana uga hang mbantu beras lan liya-liyane,” ucap Mbok Ima.
Warung gratis iku dibukak persis ring bucu gang Parkit dalan Letjen Sutoyo. Bukake sakat jam 5.00 isuk sampek kira-kira jam 8.00. Menu hang disiyapaken beda-beda saben minggune. Teka sega kuning, sega padang, pecel lan liya-liyane. Ganti-ganti menu iku geningena hang mangan ring kana sing kerasa bosen.
“Kerana iki kegiyatan hang positif, hun share ring media sosial. Pungkasane ulih tanggapan positip teka kanca-kancanisun hang ring luar kota lan luar pulau. Akeh hang ngubungi isun arep milu mbantu,” akune Mbok Ima.
Sakat iku Mbok Ima kerep nerima kiriman picis teka kancan-kancane kanggo warung gratise. Iyane ngaku kadhung siyap nerima bantuan teka njaba, asal sing ana embel-embele paran-paran. “Isun gelem nerima bantuwan, hang penting ihlas, sing ana karep paran-paran. Kadhung nguweni bantuan, tapi terus milu ngatur, bangur sing Hun tampa bantuwane. Kadhung ana hang kepingin mbantu sedhekah ring warung gratis iki, bisa ngubungi Isun nyang nomer 08999164766,” jare Mbok Ima.
Mbok Ima ngakoni, sampek dina iki picis hang kekumpul wis cukup kanggo mbukak warung gratis sampek rong minggu mengarep. Mbok-mbok warga RT 01 lan RT 02 sangsaya akeh hang ndhukung.
Tepak ditakoni sampek kapan warung mangan gratis iki dibukak, Mbok Ima sing bisa mastekaken. Hang penting iyane ambi mbok-mbok liyane kepingin mbantu warga hang kethayalan nggolet picis ring mangsa pageblug kaya saiki iki.
Keterangan Foto:
Teka kiwa, Mbok Riski, Mbok Tutik, Mbok Sipur, Mbok Ita, Mbok Ninik, lan Mbok Ima
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







