Warung Ril (Perbatasan Lugjag-Lemahbang Rogojampi)
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 20 Maret 2021 06:26 WIB)
- Laporan
Wong mangan ring warung iku kadhang nggolet panganan hang enak lan hang cocog ambi ilat. Ana pisan hang sepisanan ambi golet panganan enjong lan suasanane hang nggarai pernah.
Ana warung ring pinggir ril sepur ring wates dhusun Lugjag desa Pengatigan ambi desa Lemahbang Rogojampi hang kanggonisun nduwe karo-karone.
Kadhung tepak hawane panas seru, utawa kadhang pikiran sumpek, isun ngajak kanca-kancanisun paling using seminggu sepisan menyang ning warung ril. Isun kadhang ngejak kancanisun hang aran Kikik, kadhung hing bisa isun golet kancanisun hang liya.
Warung iku bengen kesuwur kelawan aran warung es daugan tapi saya suwi seperene es daugane wis sing tahu ana, diganti ambi macem-macem cemilan, panganan, uga ombenan liyane. Hang biyasah dhemen ngudud, warung ril iku wis nyedhiyani macem-macem pilihan.
Warung ril biyasah mbukak dina Senin sampek Sabtu mergane kadhang dina Minggu hing dodol kejaba ana wong-wong hang ngongkon dodol, umpamane ana wong panen pari ring sawah sakubengane warung iku. Bukake kira-kira jam 7 sampek soren. Paran maning kadhung kahanan mendhung peteng arep udan, hang dodol mau wis siyap-siyap nutup warunge. Kadhung wis wayah puwasaan, warung ril iku kaya hing ana enteke uwong, tapi ya isun ambi kanca-kanca hang puwasa hing tau merana sak ulan nggenteng. Aran wong dodolan hang wajibe ngelayani hang tuku, dadi isun tau weruh kadhung wis ulan puwasa iku bukake warung sampek ngarepaken uwong-uwong buka puwasa, malah tau sampek mari magerib buru kukut hang dodol iku.
Kadhung wis gadug ring panggonane, Isun ambi kanca-kanca padha golet pelungguhan hang sing ana adhang-adhangane utawa hang sing ana sengkere, sebab makene bisa ndeleng sawahan hang wera uga keneng silire angin. Sak liyane kahanan hang bisa disawang iku, hawa adhem mau ditambahi anane uwit kismis hang ngiyupi dadi rasa panas utawane ongkeb mau hing kerasa mergane ilang kegawa kipase donya hang semilir mauka. Ring kana bengen tepak magih ana es daugane, isun ambi kanca-kanca ya mesthi langganan nyang es daugane. Merga saiki wis sing ana (jarang) dadi biyasahe pesen es teh, kadhung kanca-kanca dhemene padha ngombe es Nutrisari, kadhang ana hang dhemen Joshua, malah masiya panas kenthang-kenthang ana pisan kancanisun hang pesen kopi. Sapa bain hang wis tau merana, bakal kepingin balik maning merga ketagihan nyang sembarange, bisa teka panganan uga ombenane ambi kahanan warung hang parek sawahan. Serang tuwuke diantem silire angin, kadhang bisa nggarai mata iki ngantuk seru sampek rasane kepingin nggelinting ring panggonan lungguhe.
Warung Ril gedigu biyasahe disebut ambi langganan hang tuwuk marung ring kana. Isi warunge kadhung seumpama elom, bisa pesen mi hang teka olahan mie instan uga bisa tuku sega bungkus. Isun ambi Kikik biyasahe kadhung tepak elom ya biyasah pesen sega bungkus. Sega bungkus hang regane murah mung limangewu taping rasa sambele enak seru iku hang nggarai gelis entek sakat buru bukak. Mangkane kadhung teka nyang warunge rada bedhug dadi kuwatir wis kaentekan, polae mula wis ngarep-ngarep magih ana sega bungkuse.
Langganan hang sun weruhi tepak marung iku ya malah ana hang teka adoh kerana milih ngempos ambi mangan ring warung ril iku. Isun ambi kanca-kanca ya wis ngira sebab wis tuwuk marung ring warung iku masiya tah kadhang mung digawe panggonan gesah. Sakwayah-wayah kadhung kepingin nggolet suasana tenang, isun biyasah muyab ring warung ril iku ambi kanca-kancanisun. Warung ril hang manggon ring pinggir lurung uga nggarai isun bisa ndeleng pirang-pirang kendharaan seliweran ngalor-ngidul kadhung bosen ndileng sawah. Isun ambi kanca-kanca tepak sekolah magih bisa suwi kadhung marung, tapi saiki kanca-kanca ana hang wis megawe, uga isun ya kuliyah ring Banyuwangi, dadi saiki jarang malah bisa diitung sakulan marung ring warung ril iku mung ping pira.
Pengalaman hang medeni ring antarane isun ambi kanca-kanca hang tau sun ajak marung yaiku tepak udan deres, paran maning angine seru antere. Banyu udan iku mau malah kadhang bisa melebu ring njero warung sampek gadug panggonan lungguh, dadi ya tepak udan angin suwi gedigu malah kerasa kaya kecek. Isun ambi kanca-kanca ya sing mikir paran-paran malah kadhang nggarai munyik ring kahanan udan deres iku mau ambi muyab lan gerecakan. Paran maning tepak ngajak kanca-kanca hang dhemen rame, masiya udan angin ya terus muyab bain sak uwen-uwen.
Pengalaman hang apik seru tepak marung ring warung ril yaiku kadhung wis nyawang kendharaan liwat kecaruk ambi kanca-kanca lawas, iku nggarai girange sing ketulungan sebabe bisa nyambung silaturahmi maning. Tapi ya isun kadhang sadhar kadhung tepak warung ril iku rame akeh hang marung isun ambi kanca-kanca kadhang ya wurung marung, paran maning kadhung mula isun ambi kanca-kanca liyane hang sekirane katon ngentekaken panggonan wis lungguh suwi sakwetara uga ana para langganan hang teka, isun ngajak lalare mau mulih sebab panggonan lungguhe hing wera seru.
Anane warung ril iku ndadekaken akehe kenanganisun ambi kanca-kanca ring wayah marung merana. Hang dodol ya apikan, panganan uga ombenan hang murah lan enak, paran maning gorengan ambi sega bungkuse. Uga panggonane hang adhem ayem ambi disuguhi sawah hang wera ring wetan lan kulone warung. Tepak langite padhang, uga bisa ndeleng gunung Raung teka warung iku. Dadi warung ril iku miturutisun ya panggonan hang cocog dinggo ngilangaken lesuh, golet suasana anyar, ambi bisa ngerijiki pikiran.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi sendiri
Editor: Hani Z. Noor





