Warung Trawangan ring Plengsengan Mandar

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 30 Juli 2020 06:46 WIB)
- Laporan



Pirangane ulan mangsa pageblug iki wong-wong hang nduwe usaha panganan ring Banyuwangi, pating kelubed arep obah lan melaku maning kaya wayah sak durunge. Masiya gedigu, karep miloni pelanggeran teka pemerintah dadi kawigaten utama. Salah sijine Plengsengan Kampung Mandar, panggonan wong dodol iwak segara bakar. Saiki ring kene dijangkepi ambi panggon mangan, arupa pondhok terawangan teka mika hang bisa disawang teka njaba.

“Pondhok terawangan iki, kanggo njamin wong-wong hang mangan ring Plesengan Kampung Mandar iki mane sing kuwatir. Angger pondhok uga diatur wates lungguhe, make sing upek-upekan. Iki kabeh miloni protokol kesehatan covid-19, hang dodol uga nganggo masker lan kabeh nyawisi panggon wisuh”, jare Camat Kota Banyuwangi Moch. Lutfi.

Lutfi hang tau dadi Camat ring Singojuruh iki, pancen emuk sakat sedurunge ana pageblug Covid-19 nyiapakaken Plesengan Mandar minangka jujugan wisata kuliner. Serta nemoni kahanan anyar, ambi pelanggeran normal anyar, para pedagang panganan ring Kampung Mandar iki uga dikenalaken lan kelendi carane tetep bisa dodol ring jaman normal anyar.

“Iki dudu mung sak kedhepan, sakat Isun pindah nyang Kecamatan Kota, langsung nata kawasan Kampung Mandar, kanggo ngimbangi wisata Boom hang wis berahi sakdurunge. Warung-warung lan jukung hang pating selengkrah, mulai ditata lan enak disawang mata. Sapa bain hang teka nyang pelengsengan wayah bengi, bisa betah suwe. Paran maning saiki dijangkepi ambi Pondhok Terawangan”, tambah Camat hang akeh ubed lan akale iki.

Iwak-iwak hang didol ring Plengsengan Kampung Mandar, ulihe para nelayan kampung iku. Malah Lutfi bisa njamin, kadhung iwak-iwak hang dibakar ulihe teka segara dina iku uga. “Isun wis wanti-wanti nyang hang duwe warung, aja adol iwak es-esan utawa nginep. Kudu iwak seger ulihe njala utawa mancing dina iki uga. Kadhung iki terus kejaga, pelanggan mesti sing arep ngelirik dhaerah liya kadhung kepingin mangan iwak seger”, pungkase Lutfi.

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf