Warung Unik Ring Dhuwur Truk

Satria Pujangga (dipublikasikan pada Sabtu, 21 Maret 2020 07:32 WIB)
- Laporan



Ring taun-taun pungkasan iki, Banyuwangi diimukaken ambi pasar-pasar kuliner hang nyuguhaken panganan has. Kaya dene jamur hang merujuk ring wayah usum udan, akeh pasar-pasar kuliner lan pasar tradhisional padha mecungul ring endi-endi panggonan. Hang ring kutha sebut bain ana Arabian Street Food ring Kelurahan Lateng lan Pecinan Street Food ring Kelurahan Karangrejo. Durung maning ring desa-desa liya tambah akeh hang mecungul pasar-pasar kuliner iku mau. Ring Kecamatan Rogojampi hususe, ana Pasar Ien Desa Aliyan, Pasar Jajanan Randa Desa Mangir, Pasar Samar Wulou Desa Bubuk lan Kampung Tahu Desa Gitik.
Sakliyane pasar-pasar iku mau, uga akeh uwong hang mbukak warung-warung utawa restoran hang nyedhiani panganan has Banyuwangi. Pasar-pasar kuliner utawa warung-warung iku digawe sak apik-apike kanggo narik uwong makene gelem belanja. Aja kaju kadhung ring panggonan-panggonan iku disedhiani Hot Spot utawa Wifi gratis lan papan kanggo Selfie. Papan potrek-potrek iki mau hang bisa narik uwong gelem mara lan belanja.
Beda maning cara hang dilakoni ambi Mbok Yanti. Emak rumah tangga asal teka Dusun Mulyosari (Petang) Desa Bunder Kecamatan Kabat. Iyane mbukak warung hang beda ambi liyane yaiku gawe warung ring nduwur montor truk. Montor truk duwene rabine hang biyasah dienggo nguwot kayu, saiki didisen dadi warung. Pikiran nggawe warung ring dhuwur truk iku mecungul kerana ring dina pungkasan iki usaha dagang kayu rada sepi. Dadi, timbang truke meceger sing dilakokaken bangur dienggo usaha liya yaiku dodolan bakso.
“Bapake Ilham Cak hang ngerancang warunge," tepak sun takoni sapa hang ngerancang montor truke dadi warung. Mula rabine mbok Yanti iki sakliyane dagang kayu, iyane ya bisa nggawe mebel. Makane perabotan warung digawe dhewek. Yara sing keneng dienggo nguwot kayu maning truke? “Kelendi maning cak, saiki dagangan kayu sepi, timbang nganggur aluk usaha liya,” saure pas isun jak gesah ring warunge.
Warung bakso ring dhuwur truk iki buru melaku durung patiya suwi iki. Masiya warunge ring dhuwur truk, taping dodole sing ider melaku-melaku. Warung dhuwur truk iki sakwetara njanggol ring  lore Pom bensin Rogojampi ring ngarepe Rumah Makan RFC hang saiki wis tutup. Warunge bukak sakat isun sampik soren thok, kerana kadhung sampik bengi magih sing ana listrike. “Muga bain nemu panggonan hang ana listrike Cak, makene bisa bukak sampik bengi," kekarepane Mbok Yanti mungkasi gesahe.
Kadhung ring kutha-kutha gedhe wis anjrah aran Food Truck, yaiku dodolan pangan pinggir dalan utawa ring panggonan husus. Biayasahe ring kutha-kutha mau, truk-truk boks hang dienggo, wis liwat modifkasi lan mung dienggo kicthen (pawon). Mangane ana panggon husus, utawa ngelayani wong hang tuku digawa mulih lan diamik-amik ambi melaku. Tradhisi mangane wong kutha, niru kaya wong Eropa mangan ambi melaku sing paran-paran. Lare-lare enom utawa milenial, seneng ambi food truck mau.

Beda maning ambi Warung Truk kreasine lakine Mbok Yanti, panggonan mangan malah ring ndhuwure truk hang wis didelehi kursi lan meja. Warung ring dhuwur truk iki jarehun mula unik, iki hang mbedakaken ambi Food Truck hang ana ring kutha-kutha. Sak liyane dodol bakso, warung iki uga nyedhiani sega bungkus lan es daugan kanggo ombenane. Jaman saiki mula kudu kreatif  lan akeh akale, kadhung kepingin bisa eksis la terus urip. Hang unik-unik iku dhemenane uwong, makane kadhung gelem kreatif mesti bain biasa ngasilaken kanggo nyukupi urip saben dinane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Laporan Satria Pujangga

Editor: Antariksawan Jusuf