Wayang Using ring Masjid Sunan Giri Marek Lebaran Aji
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 27 Maret 2021 06:39 WIB)
- Laporan
Dhalang Using, Laili Mursidi, diundang munggah pentas ring Gerebeg Kupat Sewu Lebaran Haji, manggon ring Griyo Balumbungan hang ana ring masjid Sunan Giri Singojuruh.
"Acarane engko ring lebaran dina ketelu, kelawan judhul: Madege Kedaton Giri," jare Sumono Abdul Hamid, salah siji donatur masjid Sunan Giri lan hang nggagas acarane mauka.
Ring taun iki Griyo Balumbungan Pasogatan Kanjeng Ibu Dewi Sekardadu Mesjid Sunan Giri Kemiren Singojuruh, wis nduwe pirangane agenda hang diarani Lentera Budaya Balambangan. Nomer siji tepak Lebaran Kupat Idul Fitri arep ana Macaan Lontar Yusup. Nomer loro, Gerebeg Kupat Sewu Lebaran Haji, ana Wayang Using Madege Kedaton Giri. Nomer telu, tepak mengeti Maulid Nabi ana Rudat Balambangan. Hang nomer papat tepak dina dadine Banyuwangi ana Macaan Lontar Sri Tanjung.
Bangunan Griyo Balumbungan desaine niru gambar umah hang ana ring relief Candi Lung (Candi Menakjinggo) ring Mojokerto.
Dene wayange, Jare Dhalang Ilham, setemene pilihan ceritane ana telu.
1. Sayembara Menak Sembuyu, Ruwatan Belambangan.
2. Laire Sunan Giri.
3. Perjuwangane Sunan Giri lan Dhawuhe Sunan Giri ring tanah Jawa.
"Kari hang endi hang dadi pilihane hang mesen, aju iku hang dadi inti ceritane," jare dhalang Using 100 persen iki.
Ilham ngomong dawane tontonan wayange kira-kira 5-6 jam, diangkati jam 19.30 sampek jam 24.00.
Iyane direwangi ring 21 wiyaga lan sindhen hang wis nyiyapaken gendhing, hadrah lan selawatan, utamane gendhing-gendhinge hang ana nuansa religine.
Dhalang Banyuwangi hang sarjana Hukum lulusan teka Untag Banyuwangi taun 2003 iki ngomong gok persiyapan nuju ring pentas kira-kira mbutuhaken wektu enem ulan.
Hang rada sara nggoleti referensi sejarah, kelendi golongane wong Mongol utawa perajurit Portugis.
Dhalang Ilham iki dhalang hang milih Belambangan minangka rujukan cerita. Saiki iyane wis nduwe pirangane pakem cerita, kayata Menak Jingga, Menak Sembuyu, Tawang Alun, Jagapati, lan Sayu Wiwit. Taping sakjege ana pageblug hing patiya akeh tanggapan.
"Iki wis rada suda, masiya kene tetep miloni protokol kesehatan," jare dhalang Ilham hang wis ngelumpukaken kira-kira 50 tokoh wayang iki mungkasi omongane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor





