Anggitane: Muhamad Novi Yusuf
(Minggu, 09 Mei 2021 06:09 WIB)

Welas Sewates Angenan


Kembang hang sun weruhi ring antarane kembang setaman SMPN 3 Rogojampi bengen ngawiti isun kenal ambi hang aran dhemen, ambi hang aran welas, masiya ana suwara manuk hang nggacor kadhung welase lare SMP iku mung welase bojog. Welas iku sun simpen rapet ring njero gudhang angenanisun, hing bisa hun untabaken nyang wong liya. Mandar muga bisa kelaksan sun gayuh welase makene bisa urip bebarengan sampek lulus sekolah. Taping iku ya mung pengarepan belaka. Cerita kecaruk, cerita muyab-muyaban, cerita sinau bareng wis mageri ati iki hang saya suwi ndadekaken kadhung kembange atinisun iku mau katone saya marek, saya nduduhaken gandane, ngawe-awe hang aran sari kembange. Sun pastekaken maning angenanisun nong Hang Nggawe Urip lan Hang Ngewolak-alik Ati muga bisa kelaksan dadi siji, dawa sithik sun ceritakaken hang asal usule iku gedigi:

Sakat buru daptar sampek dilebokaken ring sengker hang akehe 4, isun magih durung weruh nyang kembang iku. Taping weruh ring kesempatan sakketipe mata iki uga sak kelerepan isun wis sing bisa nulih maning kerana gandane kembang hang buru sun caruki nggawe ati unggreg kaya lindhu hang wanter, ibarate lindhu ring Kutha Aceh taun 2004. Teka kana njumbul angenan ya mung sewates angenan sakat kelas siji buru melebu wis kealang sengker hang bida, isun ring sengker 7A, larene nong sengker hang 7B. Iku kawitan isun ngarep-arep kenal. Saben dina lan saben ana ring sekolahan sun sawangi teka kadohan makene weruh nyang eseme hang kaya madu rikala isun hang dadi tawon, ya hing usah golet madu ring papan liya ya mung papan hang ana kembange atinisun ring sengker 7B iku mauka. Mung kepingin bisa nyawang ring saben dinane, isun liwat ring dalanan selempitan hang saktemene dalan iku kenceng ring panggonane wong dodolan bolak-balik ambi tuku panganan hang saktemene ya isun sing kepingin madhang.

Kecap-kecapisun nong Pengeran temakaken kelaksan sakat munggah nong sengker hang lebih dhuwur yaiku 8C, ring kana isun ambi larene dadi siji, bisa kenal uga ngukir kenangan bebarengan sak kancaan. Angenanisun kelaksan lan bisa akrab ambi larene, ring kana hang nggarai ana lindhu ring atinisun ya mung wayah njaluk ajar pelajaran, paran maning nggarap pegaweyan sekolah hang diweni ambi para guru saben dinane. Isun ya semangat ngajari larene kerana syukure isun magih bisa sinau uga ngarteni nyang pirang-pirang pelajaran ring sengker 8C iku. Tepak mulih ya isun tuwuk ngelamunaken larene saya-saya melebu ring njero impen hang sun kira iku tandhane isun jodho ambi kembange ati hang sun puja iku. Angenan ya mung angenan ring awang-awang hang sing kira sun sampekaken welas iki kerana cangkem hang sing bisa menga. Kangen sak gumuk kadhang gelis ketumpuk sakat ring antarane isun lan larene ana salah siji hang sing melebu sekolah, paran maning kadhung ana wayah bisa keloronan runtang-runtung ya kaya gelagepan kadhung isun kepingin ngomong utawa ngajak gesah hang sing kaya biyasahe, isun gesah ambi muyab ambi lalare kancanisun liyane. Cara dietung kesempatan ngomong welas iku wis pirang-pirang atus tapi ya iku mauka isun magih lempe kaya awak iki digawe teka godhong gedhang hang kadhang bisa suwek keterak angin. Paran maning kadhung ana kupu-kupu hang arep ngendhog ring kana.

Welasisun saya ceceran kerana lakon iki bisa dadi siji maning ring sengker 9C, ring kana isun gok ana perasaan bakale nggayuh lintang. Mula sakat kenal kembange ati iku wis bisa nguweni ganda hang wangi. Ambi isun ya sun imbangi ambi rasa hang sekirane bisa dianggep kanca akrab ambi larene supaya isun ambi larene sing ana tembok hang ngadhangi. Welas hang sun simpen iki magih ketutup rapet sing ana hang  bisa meruhi, uga sun katokaken dadiya sithik hang kirane isun ya sing ana paran-paran ambi lare iku.

Sakat lulus, welas hang sun anteni makene bisa wungkul dadi siji magih mung sesigar anane kerana magih durung diimbangi ambi welase larene. Ana tekad hang magih sun simpen ring ati sampek hing ana kabar kerana padha mentas uga padha nyebur ring pendhidhikan hang lebih dhuwur. Paran maning isun ambi larene sing dadi siji sak sekolahan, hang lamune ati wis kaya golet dom hang cicir ring njero banyu hang belabur.

Adohe welas iku kadhang nggarai isun kangen, malah isun tau sampek mikir kadhung kasep disalip ambi tawon madu liya hang sun rasa lebih gagah teka isun. Kunang-kunang ilang urube ya kaya isun iki sakat ring SMA wis semono akehe para kembang hang macem macem ganda lan wujude hang nggarai isun kegawa nong silire angin welas hang kudu ngelilakena kembang welas hang ngarteni isun ring aran dhemen hang kawitan.

Sun simpen welas iki jeru-jeru ya hing bakale sun lalekaken sak lawase anane isun ring donya iki mung gara-gara abot nyangga kangen. Ana kesempatan naleni dadhunge silaturahmi ring acara reuni, hang sun karepaken  bisa kecaruk larene lan sun omongaken welas hang kependhem iku tapi ya mung angenan maning. Ngatura isun ring rencana ya malah mesthi Gusti ya duwe rencana pisan, hang gedigu iku persis kaya dalan hang wis sun aspal apik tapi temakaken sing ana montor hang sun karepaken liwat ring dalan iku.

Siji suwi-suwi dadi pitu, saya lawas dadi 30 hang sampek gageme gadug 365 wektu isun bisa ketemu maning.

Tapi ya arep-arepe isun bisa memengan nyang umahe eh.

Weruha ana undangan teka, sun intep ukiran areng ring kulit hang diwadhahi godhong moderen bening. Kerenteg atinisun hang semono lawase durung sun sampekaken welas iki. Hang sun wedeni temekaken kelaksan, kembange ati wis ana hang nuku hang siap ngerumati. Karepisun ya isun bain hang dadi langganan madune uga ya sun rumat.

Deres banyu suci hang tulus ceceran ring taman atinisun, kerana lemah hang sun siyapaken dinggo nandur anane perujuke welas suci temakaken wis digawa nong lakone urip hang lebih pantes ambi larene. Sakat iku isun ngarteni.

Dupa abang wangi seru antere

Ketimbang tawur ambi ambu menyane

Apa iki wis takdire

Antarane isun lan larene

Welas hang magih sesigar iki bakale sun simpen bain kanggo kenangan, pengalaman lan petualangan welasisun hang kawitan ring urip iki, tapi ya sukure magih bisa guyub rukun sampek saiki masiya ana aturan agama hang dadi wates antarane isun lan larene.

Dadhung taline kuning.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor