Wisata Edukasi Mangrove Bengkak, Gemiblak Keneng Pageblug

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 14 Oktober 2020 07:34 WIB)
- Laporan



Salah siji panggonan wisata edukasi hang gemiblag keneng pageblug iki Mangrove Center Bengkak, kira-kira 15 km teka kutha Banyuwangi, sak elore Bangsring.
Alas mangrove hang werane ana nawi 10 hektar, telung hektare dienggo destinasi jujugan wisata edukasi.
Ring kana wong kelenceran bisa snorkeling naming sing bisa nyilem (diving) merga jerune mung telu sampek limang meteran, ndeleng karang lan kadhung kepingin tambah adoh bisa nyang Pulo Tabuhan. Uga bisa nandur bibit mangrove, ndeleng manuk (bird watching), ngerasakaken teh utawa kopi teka wijine mangrove. Teh lan kopi mangrove iki hing diproduksi massal mergane wijine lebih penting ditandur maning timbang dienggo industri kopi.
Jare pemandu wisata hang ana ring Bengkak, Rusdiyanto, panggonan kelenceran iku diangkati sakat taun 2016 lan dikelola ring Kelompok Mangrove Bengkak (KMB) hang anggotane ana 15 uwong hang manggon ring parek kono.
"Taun 2017 ana nawi 10.000 uwong hang merene. Taping taun 2018 angkane rada mudhun merga dalanane magih rusak," jare Rusdiyanto. Kadhang ya ana wisatawan manca negara hang nyilem ring kono.
Taun 2018 dalanane mangkat dibecikaken nganggo paving kira-kira sak kilo kelawan swadaya masarakat, kanggo nambahi dalan aspal melebu 2,5 km lan ana hang setengah kilo setengah aspal.
Sakat ana pageblug iki tambah hing ana wong kelenceran maning, masiya karcis melebune murah, mung 5.000 rupiah. Kanggo sewa alat snorkeling 25.000 rupiah lan kanggo nyewa perahu nang Pulo Tabuhan 50.000 sak uwong.
Taun 2019, KMB iki tau ulih bantuan bibit kepiting teka Dinas Karantina Laut Ketapang, 5.000 bibit akehe. Taping kepitinge hing ulih dipanen.
Sedurunge malah, KMB iki uga tau ulih bantuwan terumbu karang gawenan teka Dinas Perikanan. "Kanggo umahe iwak, ana wilayah 1,5 hektar hang dilindungi ditanduri karang lan umah-umahan (fish apartment) kanggo panggonan iwak ngendhog," jare Rusdiyanto.
Kadhung arep nyilem nong kana, enake tepak usum ketiga, dadi banyu segarane kening. Merga panggonane iku diwatesi Banyu Tambak Kidul lan Banyu Tambak Elor hang banyune nggawe buthek segara tepak rendheng.
"Taping kadhung maksa nyilem mangsa rendheng, apike digawa nang Pulo Tabuhan. Ring kana mesthi kening banyune."
Dadi paran hang dilakoni anggota KMB suwene ana pageblug? "Ya ana hang mancing, megawe nong sawah taping saben dina Minggu isuk kudu tetep ana ring panggonan kene, masiya ana tah sing ana wisatawan. Tugas rijig-rijig, singkrih, mbecikaken paran-paran hang rusak."
Sakjege ana pageblug, hing ana uwong hang kelenceran lan dadine panggonane saya akeh hang rusak.
Kekarepane mengarep, bisa dadi panggonan jujugan kelenceran maning hang pantes diparani kanggo destinasi, jare Rusdi. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor