Wisata Iwak Banyu Barkanli
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 20 Oktober 2020 06:53 WIB)
- Laporan
Paran hang nggarai wong ngelencer (wisatawan) pernah nong desa? Paran hang keneng dienggo mbecikaken gizi wong desa? Jawabane: banyu mili hang ana iwake.
Saiki iki wis ana 24 desa ring Banyuwangi, kayata ring Wringinagung, Kalibaru, Glenmore, Tampo, Keradenan, Gambiran lan liyane hang kaline ring kono disebari iwak. Kegiyatane diarani Gerakan Penebaran Ikan Terkendali (Barkanli), gedigu jare Wibi Untoro, pelopor Barkanli hang taun 2019 sore ulih penghargaan teka bupati.
Setemene program gabungan iki dipiloni teka pirangane unsur pemerintahan yaiku Dinas Perikanan, Dinas Lingkungan Hidup, Dinas Kesehatan lan Dinas Pariwisata. Program teka Dinas Perikanan tapi hang ngelakokaken swadaya masarakat hang dibagi ring telung Kelompok, yaiku Kelompok Budidaya Ikan (pengembangan iwak kelawan teknis budidaya), Kelompok Pengawas Perairan hang ngelakokaken konservasi sumberdaya perikanan, uga Kelompok Olahan dan Pemasaran hang ngolah lan ngadol iwak asil budidaya mau.
Gerakan iki setemene manpaataken potensi hang wis ana kelawan nggawe kegiyatan ekonomi anyar kanggo masarakat. Salah sijine, nggawe panggonan wisata Barkanli mau, jare Wibi.
Wis katon gok Barkanli iki akeh manpaate: produksi iwak bisa nambah gizi masarakat, banyu mili hang ana iwake mau nggawe seneng atine rakyat lan nggawe sehat lingkungane, banyu hang akeh kothoran iwake iku mau uga bisa dadi emes kanggo wit-witan liyane, merga banyu iki saya akeh oksigene kerana ubahe iwak nong sak njerone banyu.
Jare Wibi, iwak hang katon kewela-wela ngelangi nong banyu kening iki uga bisa dadi Atraksi hang bisa dadi tontonan wisata. Teori pariwisata iku ana telung A: Amenitas, Aksesibilitas lan Atraksi. Iwak ring kali lan saluran iki kelebu atraksi kanggone wong wisata utawa kelenceran.
Program iki setemene bisa dilakoni ring akeh panggonan ring Banyuwangi merga akeh banyu hang mili teka gunung sak kulone Banyuwangi. Lan magih akeh sumber-sumber hang banyune digeningaken hing dikapak-kapak. Hang tambah ngenes, kadhung banyu mili mau hing katon rijig merga diiseni romot-romot lan hing ngasilaken paran-paran.
"Dadi sasate kadhung nggawe program Barkanli iki keneng kabeh," jare kang Wibi. Wong desa atine girang, awake seger lan kesehatane dijaga sakat kawitan, gizine bisa dicukupi, lan bisa nekakaken uwong hang kelenceran.
Mayo, hang ring desane ana banyu mili lan potensi diingoni iwak, gancang nggawe program Barkanli.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






