Wisata Sepidhahan Ring Erek-Erek Ijen

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 22 Oktober 2020 07:23 WIB)
- Laporan



Hing kabeh wong girang ndeleng modhel kemajuane wisata kelenceran nong Banyuwangi, merga hang dierah mung akehe wong hang teka (wisata massal).
Salah sijine Samsuri lare Licin hang ngenalaken wisata ndeleng manuk (bird-watching) lan saiki nggawe wisata sepidhahan nong Bike-Park.
"Isun rada priatin ndeleng kahanan wisata nong Banyuwangi merga kabeh hang dierah wisata massal. Delengen bain Kawah Ijen, Pulo Merah, kaya hing ana pilihan. Ale kene akeh nduwe destinasi alam," jare lare hang nduwe agen kelenceran Ijen Expedition Tour iki.
Saiki, iyane ngawiti mbukak wisata jalur sepidhahan melebu metu alas hang aran Bike Park (Taman Sepidhah). Idine buru ulih sakat ulan Agustus 2020 sore.
"Jalur sepidhahe 3,2 km lan hang nggawe istimewa ngeliwati alas, alas temenanan lan jalure sekelas nasional, emeh padha ambi hang ana ring Bogor. Kanggo hang dhemen sepidhahan ring alam, suwarga pokoke," jare Sam.
Karcise murah mung 10.000 rupiah bisa sedinaan. "Masiya saiki hang teka akeh-akehe wong Banyuwangi, taping akeh uga atlet nasional hang wis nyacak nong kene," jare Sam ambi mongkog.
Saiki rata-rata ana sampek 50 wong sedinane hang nyacak jalur utamane kadhung Sabtu/Minggu. Paran maning kadhung prei dawa, akeh wong teka njaba kutha.
Makene saya akeh peminat sepidhah bisa ngerasakaken Taman Sepidhahe, Sam nyiyapaken jalur hang husus kanggo pemula. Taping magih kesandhet pageblug iki.
Ring mangsa pageblug iki mula hang nekani jalur sepidhahe rada suda, taping tetep ana merga iki dudu wisata massal.
"Masiya gedigu, akehe pengunjung tetep diwatesi, maksimal 300-400 uwong sedinane," jare Sam.

Sam iki uga ulih idin teka Perhutani ngelola Erek-erek Jungle Park hang ana ring parek rest-area dalan nuju Gunung Ijen. Ring panggonan hang werane 32 hektar iki iyane sakat 2019, ulih idin nggawe wisata hang hususe kanggo wong hang dhemen ndeleng manuk nong alam. Akeh-akehe mula wong negara manca hang miloni pakete. Taping merga pageblug iki wisata ring Jungle Park diendhegaken sawetara merga hing ana hang teka. Samsuri iki sinau dhewek bab wisata husus iki. Iyane uga milu Komunitas Pengamat Burung lan minangka potograper iyane wis motrek lebih 80 jenis manuk hang manggoni alas Ijen.
"Hang dadi daya tarik utama iku ana manuk endemik Argopura-Ijen yaiku puyuh gonggong," jare Sam.
Enake saiki iki marek motrek manuk bisa langsung ngarani manuke iki arane manuk paran, aran latine paran, merga iyane melebu klub pengamat burung, hang isine ana pisan pengamat internasional. Salah sijine pengamat burung dunia, Frank Lambard wong Inggris, tambah Sam.
Iyane uga niteni (identifikasi) pirangane wit-witan hang ana ring hutan lindung ring Ijen.
Kadhung ring mangsa normal hang melebu Jungle Park iki ya diwatesi 100 wong sedinane. Dadi iku mau, sepidhahan utawa ndeleng manuk nong Erek-Erek dudu kelebu wisata massal.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor