Wong Aliyan Kesusupan Masal, Njaluk Ana Ritual Keboan
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 14 Agustus 2021 06:35 WIB)
- Laporan
Wis rong tahun iki adat Keboan ring desa Aliyan sing dianakaken gedhen-gedhenan. Selametan tetep dianakaken naming kaya mung sukur ana, hang dadi sarat wajib anane bain. Mergane wis dadi mupakatane pelaku adat lan pemerintah desa sakwetara magih ana ring mangsa pandemi utamane Pemberlakuan PPKM Level 4 iki sing arep nganakaken kaya biayasahe. Sing ana maning arak-arakan, selametan kampung nong Mbah Buyut lan guyang ana ring kedhokan hang dadi tontonan masarakat. Merga kayadene acara wisata budaya bisa nekakaken wong akeh wedine bisa dadi klaster anyar acara wisata budaya.
Adat Keboan Aliyan hang biyasahe dianakaken setaun sepisan ana ring ulan Sura antarane tanggal siji Sura sampek tanggal 10 iki kawitane dipastekaken sing ana. Ana naming digawe sederhana mung selametan ana ring masjid lan ana ring makame Mbah Buyut bain, gediku hang kaya dinyatakaken Mbok Ida salah sijine warga desa Aliyan. Kabeh masyarakat desa Aliyan wis nyadari dung mangsa pandemi iki kudu bisa njaga awake dhewek lan njaga masyarakat teka resiko penularan virus covid-19 hang saiki tambah ganas iki.
Dina iku pas Jemuah, 13 Agustus 2021 utawa pas ana ring tanggal 4 Sura taun iki umahe lurah Anton Sujarwo isuk-isuk wis ditekani wong hang gereng-gereng ambi ngamuk-ngamuk lan melakune kaya kebo. Wong loro hang wis ndadi kesusupan kebo iki njaluk nemoni Pak Lurah Aliyan sak perlu mastekaken anane selametan desa adat keboan ana ring Aliyan taun iki. Kontan wong sak kampung geger lan medsos dadi viral merga ana wong kesusupan kebo njaluk kepastiyan anane ritual adat Keboan ring Aliyan.
Lurah Anton Sujarwo lan perangkat desa pungkase mutusi adat setaun sepisan ritual adat Keboan Aliyan tetep dilakoni naming nganggo cara hang sederhana bain lan sing nganggo arak-arakan utawa guyangan ana ring kedhokan, gediku kaya hang dinyatakaken nyang para keboan hang ndadi iku mau.
Hang penting aja sampek ninggalaken weluri naming uga tetep njaga ring mangsa pandemi covid-19 iki , paran maning Banyuwangi magih kelebu ring mangsa PPKM Darurat Level 4, gediku Anton Sujarwo, SE nerangaken nyang masarakate ring acara rembugan sakmarine Pak Lurah Aliyan iki disambangi keboan loro hang ndadi lan njaluk maksa tetep anane adat selametan desa ring taun iki.
Sakteruse mari nganakaken kumpulan ana ring desa para pemimpin adat, pawang, lan pelaku Keboan Aliyan nganakaken dhewek kumpulan ring panggonane dhewek-dhewek ring rong panggonan yaiku dusun Sukadana lan dusun Kerajan.
Bengi iku ana ring malem Sabtu, 14 Agustus 2021 reporter belambangan.com ulih kesempatan diundang Kepala Desa Aliyan kanggo nyekseni gelar keputusane warga masyrakat desa Aliyan lan pelaku adat keboan Aliyan, Ritual adat keboan tetep dianakaken naming nganggo aran selametan bersih desa, gediku kaya hang ditegasaken Lurah Aliyan nyang para wartawan lan media hang ana ring Pendhapa desa Aliyan Rogojampi Banyuwangi.
Ring tengah-tengahe kumpulan Man Suyit salah sijine pawang teka Dusun Sukadana ulih susulan merga ana wargane hang kesusupan maning ring dusune. Pawang keboan Sukadana iki aju melencat nyang sepidhah montore kanggo marasaken pelaku adat hang ndadi utawa kesusupan Mbah Buyut iku mau.
Ambi salah sijine pawang teka Sukadana repoter belambangan.com bisa nemoni langsung wong-wong hang kesusupan kebo ana ring dusun Sukadana.
Iki mau buru arep ngangkati kumpulan wong-wong wis padha ndadi, gediku jare salah sijine masarakat Sukadana hang nyusul Man Suyit ring pendopo. Ana dung wong papat akehe hang langsung ndadi kesusupan kebo. Tangane kenceng-kenceng lan ngethem melakune kaya kebo lan nggereng-ngereng kaya nak arep nyeludhuk.
Serta Man Suyit teka Keboan mau njaluk anane kepastiyan selametan iku mau. "Pokoke tak jaluk kudu ana selametan desa lan dienteni sowanmu ana ing Makame Mbah buyut, sandhingan kupat lepet ana ing bujupat aja lali, uga para bungkil kudu dianani," gediku kaya hang diucap keboan nganggo basa Jawa Kulonan hang melipis.
Aneh ana wong Aliyan bisa ngomong Jawa Kulonan kari melipis, jare salah sijine Youtuber hang nggawe konten ana ring kana.
Salah sijine kebo hang ndadi malah njaluk tanggung jawabe Babinsa desa Aliyan kadhung sampek acara ritual adat keboan sing bisa dilakoni ring taun iki, Babinsa Aliyan lan Mudin Aliyan kudu tanggung jawab. Sakmarine diweni semaya kadhung selametan bersih desa tetep dianakaken wong papat hang kesusupan mau langsung pamitan njaluk mulih. Mari disuwuk ana ring kupinge ring pawange wong papat iku mau aju sadar maning mbalik kaya sakdurunge ndadi.
Pungkasane Pak Lurah Aliyan ambi pelaku adat keboan Aliyan netepi putusane kadhung selametan bersih desa ritual adat keboan arep dilakoni ana ring dina Ahad, 15 Agustus 2021 kelawan sederhana lan nganggo standar protokol kesehatan hang trep lan temenanan. Iki kudu dijaga bareng, adat ya kudu dijaga protokol kesehatan hang dadi aturan pemerintah ya kudu dijaga, gediku pungkas perintahe pak Anton Sujarwo nyang kerawat desa lan kabeh pelaku adat keboan lan masarakat desa Aliyan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Anyar
Editor: Antariksawan Jusuf






