Wong Banyuwangi Panen Iwak Ton-tonan Ring Kep. Riau
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 13 Oktober 2020 08:53 WIB)
- Laporan
Dulur-dulur Banyuwangi hang ana ring kumpulan Ikawangi Kepulauan Riau wis ping pindho panen iwak banyu kanggo milu program pemerintah bab "ketahanan pangan" lan asile bisa dienggo nyukupi kas organisasi.
Ketua Umum Ikawangi Kepri kang Nurry Argo Wiranto ngomong gok ana kira-kira 30 anggota Ikawangi hang nulungi panen kira-kira petang ton iwak lele lan nila. "Utamane lele, iwak nila mung sampingan bain."
Usaha perikanan iki wis dikawiti pirangane ulan kepungkur kelawan bareng-bareng ngerijigi lan nyiapaken kolam ring lemah werane lebih sak hektar duwene wong Ikawangi Mayor Totok Triwidodo hang asal Wringinrejo Gambiran. Usaha perikanan ring desa Gesek Pulo Bintan iku uga disokong ambi wong Banyuwangi hang megawe ring Kejari aran kang Beni Agus Setiawan asal kutha Banyuwangi wetane RS Blambangan, hang uga dadi Pengawas ring Ikawangi.
"Hang ulih melebu kolam kono kudu wong hang nganggo kaos Ikawangi Kepri," jare kang Nurry. Hang njaga kolame iku wong Sulawesi, dadi iyane mung bisa mbedakaken wong Ikawangi teka kaos hang dienggo. Lalare hang milu panenan iwak iku hing ana hang dibayar taping ulih nggawa iwake mulih sak kuwate.
Asile kolam hang diiseni 30.000 bibit iku setemene wis cukup dienggo pasar lokal. Taping Ikawangi kepingin pisan milu ekspor iwak gurami kanggo pasar Singapura. "Mangkane saiki ya nandur gurami pisan. Kadhung iwak lele dienggo pasar lokal, pasar Singapura hing patiya dhemen."
Ulihe dodolan iwak iku keneng dienggo nguripi kas Ikawangi Kepri hang wilayahe kelebu Pulo Batam, Bintan, Natuna sampek Tambelan hang parek ring Kalimantan.
Usaha ngingu iwak iku Ikawangi dibantu ring dinas Perikanan hang nyediani bibit lan sebagiyan pakane.
Saiki wis ngawiti rijig-rijig maning kanggo nyiapaken siklus hang ketelu. Wong-wong Ikawangi hang aktip ring organisasi akehe kira-kira ana wong 700 hang rata-rata megawe usaha dhewek kayata dadi penjahit, nggawe profil umah/hotel, bingkil teralis, lan nandur kembang. Uga ana lare Sumber Beras hang nduwe pesantren.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara






