Wong Banyuwangi Panen Semangka Ring Kalimantan

Arif Sugiono (dipublikasikan pada Kamis, 24 September 2020 06:27 WIB)
- Laporan



Wong adol woh-wohan ring Jakarta, mesthi warah gok semangkane teka Banyuwangi. Polae semangka Banyuwangi wis kesuwur abang, gedhi lan manis. Masiya semangka iku ditandur ring panggonan liya taping hang nandur ya mula wong Banyuwangi. Keahlian nandur semangka iki uga kegawa sampek nang Kalimantan Timur.

Ana wong dodol woh-wohan ring pasar Pandansari Balikpapan, pak Sujali arane, hang aseli teka Sumber Beras Muncar hang kepingin nandur dhewek semangka kelawan nekakaken ahline teka Banyuwangi. Ana telu wong tani hang diejak nong Kalimantan yaiku Wiwit, Sodik lan Paidin hang teka Kampung 10 Kendalrejo Tegaldlimo. Pak Sujali nandur semangka ring tanah hang werane petang hektar duwene wong aseli Kutai, hing kathik nyewa merga seperene tanah iku hing tau digarap. 

Nandur semangka iki mula hang kepisan dilakoni ambi pak Sujali merga iyane ndeleng kahanan geografis lan kontur lemahe emeh padha ambi Banyuwangi. Dadi pak Sujali yakin gok asile panen emeh padha ambi panenan hang ana ring Banyuwangi.

Kawitan nandur ulan Juni 2020 kepungkur lan kaya hang wis diitung sedurunge, panenane akeh, emeh padha ambi Banyuwangi. Pak Sujali girang merga bisa motong ongkos timbang nekakaken semangka langsung teka Banyuwangi. Kahanan iki uga mbukak kesempatan kanggo wong Banyuwangi nggo nandur semangka ring Kalimantan Timur, hang seperene magih akeh tanah nganggur hang digeningaken bain lan kadhung digarap bisa dienggo ngunggahaken ekonomine wong Banyuwangi hang ngumbara ring Kalimantan. 

Panen semangka warga aseli Banyuwangi ring Kalimantan Timur iki uga digatekaken ambi Ketua Umum Ikawangi Balikpapan Bapak AKBP. H . Suyitno SH. M Hum. Merga kahanan iki mbukak peluang wong Banyuwangi ring Kalimantan lan ngewani pegaweyan kanggo wong hang magih nganggur lan magih bingung arep megawe paran. Jare pak Suyitno, Ikawangi arep nyokong wargane hang ana ring kana manpaataken lemah hang magih wera lan merga Balikpapan lan Kalimantan Timur magih mbutuhaken semangka kang akeh. 

Pengurus inti Ikawangi Balikpapan lan pengurus Ikawangi Samarinda milu nekani panen semangka merga milu girang lan nandur semangka iki bisa dadi conto lan inspirasi kanggo wong Banyuwangi liyane hang ana ring njabane Balikpapan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor