Wong Dodolan Kang Munggah Kaos
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 20 Desember 2024 08:08 WIB)
- Esai
Enget ceritane pak Gopar (Ustad Abdul Ghoffar). Ana wong desa - embuh Lulian embuh Paspan - gawene adol kacang pikulan, sak cingkek ebek ngarep mburi. Nyatane mula akeh wong golet urip kaya iku, dodole kacang sampek nyang Bali. Isun tau weruh dhewek dalu-dalu ring Ketapang cingkeke wis kosong diuwot lin, dipuket dadi siji, dicancang nong bempere ngarep, ana gok lima. Rasane duwene sak kancaan padha mulih teka ider ring Bangsul, besikine Bali. Mulih bareng gedigi iki ya merga njaga picis hang digembol ulihe adol kacang. Kadhung melaku jak akehan, wong hang atine elek arep nyalah rada aras-arasen, masiya kabeh padha nggembol picis.
Hang dadi cerita, jare pak Gopar, ana paman kacang hang gemi sipate. Ulihe dodolan kacang sewu-rong ewu dicelengi dienggo ngingu pitik. Teka sithik suwi-suwi pitike dadi akeh aju diedol bisa enggo tuku wedhus. Teka wedhus siji, babon, suwi-suwi nganak-gumanak dadi pirangane wedhus ahire bisa enggo tuku sapi. Dhasare adhem tangane, gedigu maning usahane, suwi-suwi sapine, babon, mberojol aju alan-alane wong anti-KB, dadi kathah lembune.
Gancange cerita, si paman bakul kacang pikulan mauka ahire bisa munggah kaos, besikine munggah aji. Kesuwur beritane, keneng munggone dilebokaken tipi, nyaingi sinetron Tukang Bubur Naik Haji.
Masiya gedigu, iku sing sepira dulur! Jare pak Gopar.
Ring Jember ana bakul godhong. Dodolane mung godhong, bisa munggah aji sak rabine sak anak-anake sak putu-putune, rombongan nyang Mekah wal Madinah nganggo ONH Plus!
Kok saget? Ya saget mawon yong godhong hang diedol dudu godhonge gedhang, rika. Tiyang Jember niku sadeyane godhonge bako. Rega tepak apik-apike. Gok nandur ana limang hektar!
Dadi hang bisa munggah aji hing mung Tukang bubur tapi wong dodol kacang lan wong dodol godhong lan dodol liyane. Pokoke wis diundang ambi Hang Duwe Umah mesthi nggadug merana.
(Iskak Basuki)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.