Wong Puwasa Mangan Wong

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 24 Februari 2026 07:15 WIB)
- Esai



Ditulis ring Heni Kurniawati

Puwasa buru melebu dina kaping lima. Isuk-isuk wayahe arep melaku megawe weteng kerasa kaya ana kang kudu dibuwang. Endane perupuwane puwasa iku tah weteng nguras kothoran kang ana ring ucus.
   Alahasil nggadug papane pegaweyan yaiku sekolahan, rada kasep. Buru ngetogaken bokong, langsung diparani kanca megawe. Isun ditagok polae sore-ben-sing andoh omongan arep nyang kantor pajek barengan. Koh, lali kepileng isun ya.
   Semasa nggadug kantor pajek, ngantri, aju diladeni pegawene.
"Ibu punya hutang?" Pegawene pajek nakoni isun.
"Punya, Mbak. Di bank Jatim."
"Nominal berapa? Sejak kapan? Hutangnya tinggal berapa?"
"Kudu jujur, Mbak?" Isun kaya juwari-kaya using nak semaur.
"Ini harus diisi. Terserah Ibu mau diisi berapa."
    Byalak, memed isun mbelesaki buku cathetan. Sing ketemu-ketemu.
"Bu, utangisun sekendi?" Isun takon nyang kanca megawe.
"Ya embuh, Isun madak weruh," saure kanca ambi mencap-mencep.
"Mbak, kalau salah sebut nominal apa berdosa?" Isun nggendhing pegawene kantor pajek.
"Ibu sebutkan saja berapa nominalnya, semisal salah bisa diperbaiki sewaktu-waktu."
   Buru bain lega atinisun bisa semaur temenaken magih ana maning takonane.
"Ibu punya aset apa saja? Misal kendaraan, tanah, atau rumah."
   Isun tulih-tulihan maning ambi kancanisun.
"Bu, Isun duwe aset paran? Umah bain magih milu nyang wong tuwek."
"Ya embuh, aja takon nyang Isun wis. Isun dhewek bingung pisan."
"Motor saja, Mbak. Tapi tidak tau harganya karena dulu belinya kredit. Browsing boleh?" Sun gendhing maning pegawene.
Lengek isun ditakon-takoni urusan donya.
"Sudah selesai Bu, laporan SPTnya."
"Alhamdulillah... Terima kasih, Mbak. Bisa saya tinggalkan?"
"Boleh, silakan."
Ngeeeng.... Glek!
   Sepidhah montor manced, emane wis nggadug sekolahan.
   Iki nawi ujian keimanane wong puwasa.
Mau diejak itung-itungan donya. Iki diejak ngusa nyetateri sepidhah montor, memel sing gelem urip.
   Kari gedigi awakisun iki.... Lek, buru enget Isun mau semayanan ambi langganan kecaruk mari bedhug! Sun peleter kang aran setater. Sikil taker ngelempuh buru urip mesine sepidhah. Dieculaken gase, mati maning. Koncar-kancir gedigu thok sakat mau. Semasa bisa urip isun langsung lungguh mecingkring ring sadhel ambi nyekeli gas. Mula rada takal-takalan nggejlogaken teka tonjok loro. Ngeeeng...!
   Ujian keimanan dipastekaken durung mari.
   Mandheg ring toko langganan gedigu pisan. Uleng-ulengan sing kecaruk ambi wong kang dikarepaken. Jeh, sun tilpun kang duwe tokoke.
"Dhik, njaluk tulung kadhung ana balen, transferen bain ya. Isun kadhung puwasa iku gampang elom!"
"Mungga mau madhanga sulung, Mbok."
"Isun milu madhang ring pawonrika, gampang. Mung nawi mangan uwong aju kelendi?"
"Yee, iya Mbok. Sulung diitung."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor