Wong Using ring Tilas Wilayah Keraton Belambangan
Moch Anil Syidqi (dipublikasikan pada Rabu, 17 Mei 2023 08:20 WIB)
- Opini

Pantese akeh uwong wis padha weruh kelawan riwayate Keraton Belambangan. Mula sedurunge diuwah dadi wujud kabupaten kayadene saiki, wilayah Banyuwangi iki kelebu ring kuwasane Keraton Belambangan. Wilayahe, miturut akeh sumber, nora mung Banyuwangi thok taping uga kelebu sampek Lumajang, Jember, Bondowoso lan Situbondo.
Nurut iku, kadhung ditapsir, munggane wong-wong Using yara nyebar nyang kutha-kutha hang wis dijelentrehaken. Naming nyatane sing gedigu. Kejaba Banyuwangi, saiki nong wilayah-wilayah kutha tilase Keraton Belambangan iku mung sithik wong-wong Usinge. Uga hang nganggo basa Using saya merene saya logrog. Malah ana hang blas loro-karone.
Iku merga solahe para beramacurah luwar. Sakat kompeni Landa nekakaken wong-wong Jawa lan Medura nyang telatah Belambangan, sampek genocida aliyas pembunuhan massal kumpeni Landa hang nyebabaken, kawitan, kurange wong-wong Using. Lan hang kepindho, saiki wong-wong Using malah dadi minoritas nong wilayahe dhewek.
Aju apuwa Landa ngirim sakbajeg pasukan teka telatah Mataran lan Medura? Ceritane, bengen kumpeni Landa iku kangelan nungkulaken Keraton Belambangan. Mulane wong-wong Landa aju nduwe siyasat ngajak antheke, Keraton Mataram lan Medura, ngersaya kanggo nungkulaken Belambangan. Mangkane iku militer Mataram lan Medura aju ditekakaken nyang Keraton hang kejuluk Brang Wetan iku.
Mula sakat ketekan sakbajeg wong Jawa lan Medura iku wilayah Belambangan teka Lumajang, Jember, Situbondo, Bondowoso lan Banyuwangi sukses ditungkulaken ambi Landa. Teka iku pisan pungkasane wakeh wong Jawa lan Medura mugen ring wilayah kuwasane Keraton Belambangan, mbangun desa, mesisan nggawa basa lan budhayane nyang panggon-panggon hang ditekani. Pungkasane, wis wong-wong Usinge dipateni edan-edanan, aju wong Jawa lan Medura padha mugen. Ya luput ika wis.
Sampek esai iki dianggit, penulis durung weruh pasthi pira akehe wong-wong Using lan pira akehe hang nuturaken basa Using ring kutha-kutha tilase Keraton Belambangan iku.
Contone nong Kabupaten Jember. Saiki akeh-akehe dipanggoni wong-wong Jawa lan Medura, kelebu Using hang dadi minoritas. Mula durung bisa dipasthekaken pira akehe wong Using nong Jember. Taping, teka pirang-pirangane penelitiyan hang ditemokaken, penulis nyimpulaken kadhung suku Using Jember iku mugen nong limang wilayah.
Kaya: nong Kampung Using ring parek setasiyun Jember, Desa Biting ring Kecamatan Arjasa, Desa Kemiri lan Desa Serut ring Kecamatan Panti, Desa Glundengan ring Kecamatan Wuluhan, lan wilayah hang mayoritas dipanggoni wong-wong Using yaiku Kecamatan Puger.
Serehne iku, sampek ana mahasiswa hang metani bab basa Using has Jember. Uga ana pisan penelitian hang ngucap: antarane basa Using Jember kelawan basa Using Banyuwangi iku beda. Naming nong tulisan iki penulis sing arepe njelentrehaken bab iku. Merga perlu wadhah hang dawane bisa sak judhul dhewek.
Sakwetara, akehe wong-wong Using ring Kabupaten Lumajang, Situbondo lan Bondowoso, seperene magih durung bisa kelacak.
Kadhung ring Banyuwangi dhewek wong-wong Using mula magih wakeh. Aju ana suku liyane, kaya: Jawa, Medura, Bugis, Arab, Mandar, Melayu, kelebu Cina lan Bali. Wong-wong Using Banyuwangi, dideleng teka hang magih nganggo basa Using, akeh-akehe mugen nong Kecamatan Giri, Glagah, Kabat, kutha, Rogojampi lan Blimbingsari. Uga ana hang ring Kecamatan Singojuruh, Songgon lan Licin.
Sak liyane iku, ana wilayah hang antarane wong Jawa lan Usinge padha akehe. Wilayah iku yaiku Kecamatan Cluring, Srono, Sempu lan Kalipuro.
Sedheng wilayah hang wong Using malah lebih sithik timbangane wong Jawa ana ring Desa Gambiran, Kecamatan Gambiran; Desa Kembiritan lan Genteng Wetan; aju Kampung Using ring sak mburine terminal Jajag. Tunggale ana maning ring Desa Grajagan lan Keradenan, uga ring Kampung Using Desa Tambakrejo lan Belambangan.
Potrek: dijuwut teka buku Music in Java, anggitane Jaap Kunst
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : ditapsir teka akeh tulisan
Editor: Hani Z. Noor