Abote Wong Tuwek Njaga Budaya Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 08 Januari 2025 07:57 WIB)
- Laporan



  Kelendi abote wong tuwek njaga lan njejegaken budaya Using, kelebu basa Using, kanggo anak-anake?
  Tepak Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Hasan Basri mutusaken pindhah umah teka Mangir Rogojampi nang Watubuncul merga pegaweyane mulang ring SMPN1 Banyuwangi, anake hang magih SD sekolahe pindhah pisan nong kutha.
    Kawitane anake kingslep merga kanca-kancane nganggo basa Indonesia sedheng iyane usingan deles merga teka Mangir. Kang Hasan, minangka wong tuwek, bingung ngadhepi, kadhung hing ngajari basa Indonesia, anake saya mindher nang kanca-kancane. Nganggo basa Indonesia, anake saya ngadoh-ngadohaken teka basa embah buyute.
   Padha ambi ceritane Widie Nurmahmudi hang ngedegaken komunitas Kampoeng Batara, Papring, Kalipuro. Iyane tau dikeritik salah siji lare hang milu ring komunitas kono. "Ngongkon-ngongkon wong liya kudu nganggo basa Using, taping iyane dhewek nganggo basa Indonesia nang anake."
   Widie munyik-munyik dhewek kadhung enget omongan iku. Wong-wong Papring, kadhung hing nganggo basa Using ya nganggo basa Medura.
   Dene tukang ngewer Ali Kenthus ngomong, "Akeh pejabat hang ngomong 'Marilah ikut melestarikan seni budaya. Jangan sampai budaya kita diaku daerah lain...' serta anake milu njuged gandrung nong ekskul sekolah, diuwel."
   Kenthus ngaku nang anake hing tau ngewani 'doktrin' kudu ngelakoni paran karepe bapake.
   "Bengen anakisun iku hing gelem-gelem temenan milu njuged. Wis hun warah isun nang sanggare Pak Sabar, ya magih hing gelem," jare Kenthus.
   Sampek sewijine dina, Kenthus ngateraken Pak Sabar ambi rabine nang sekolahane anake.
   Anake takon nang Kenthus, ana pardu paran nang sekolahane. Aju diterangaken gok iyane ngateraken Pak Sabar hang rabine arep mulang njuged ring sekolahan kono. Sakat seperono anake Kenthus milu njuged, sampek nerusaken ring SMA lan kuliyah, milu munggah genjot. Saiki milu kuntulan Pelinggihan, kuntulan Kabat, nong kidul kuntulan Belangkon.
   Kenthus, hang anake kuliyah ring Poliwangi aju ngewani pitudhuh hang endi hang kudu dipiloni sampek mbisuke. "Hang diuber mengarepe hang endi, polahe padha-padha ulih picis," jare Kenthus.
   Kenthus mung ngewarahi kadhung hang iki dadine gedigi, kadhung nguber hang iku dadine gedigu. "Selebihe pikiren dhewek."
   Kenthus nduwe sereg loro kanggo ndhidhik anake. "Siji aja pati diuweli lan loro aja sampek wedi nang wong tuweke."
   Dadine anak gelem ngerungokaken omongan wong tuweke. Jare Kenthus, anake ndeleng lan mikir atase sekolah bapake mung semene hing sampek merene taping sampek nong kene.
   Mula hing gampang milu njaga budaya lan teradhisi. Kadhung rika kelendi?
   
  
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor