Adat Gelar Pitu (Bagiyan 1)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 14 Juli 2025 08:01 WIB)
- Laporan



Adat Gelar Pitu
Ditulis ring Mohammad Abdul Mun'im, S.Pd.

Budaya iku lair teka masarakat hang nduwe pemikiran, lelakon lan asil karya. Wong hang duwe budaya mbedakaken awake ambi wong liya nong maceme wujud sistem religi, sosial, kepinteran, basa, kesenian, pegaweyan lan teknologine.
   Wong Banyuwangi hususe wong Using, minangka wong hang duwe budaya, nduweni adat hang sing padha ambi wong Jawa umume, masiya iyane iku Jawa.
   Wong Using semebar ring werane wilayah lan nduweni adat hang beda-beda siji ambi liyane. Hususe nong carane ngungkapaken rasa sukur tepak ulih asil panen hang akeh nyang Hang Kuwasa.
   Adat kebo-keboan ring Alas Malang utawa ring Aliyan, Geredhoan ring Banyuputih, Tumpeng Sewu ring Kemiren, Seblang ring Olehsari lan Bakungan, Adat Gelar Pitu ring Glagah lan magih akeh maning adat liyane.
   Glagah iku desa hang makmur. Sawah kebonane wera lan subur. Banyune ember-ember setaun muput. Pasar, koperasi lan bank desane rame. Ekonomine maju. Masarakate tentrem, ayem lan padha rukun. Pantes masarakate nduwe adat dhewek kanggo bukti dheweke duwe budaya.
   Gelar Pitu minangka salah sijine adat teka Dukuh Kopen Lidul, Desa Glagah, duwe tujuwan nyampekaken pitung pitutur utawa pesen embah buyute warga ring kono supaya dilakoni ambi anak putune.
   Kahanan hang dirasakaken lan dideleng langsung ambi warga ring pedhukuhan cilik mau yaiku kabeh perkara hang ana gandhengane ambi teradhisi Adat Gelar Pitu nduweni itungan pitu, antarane yaiku:
1. Wektune tanggal 7 ulan Syawal (taun Hijriyah) utawa pitung dina sakmarine pungkas puwasaan.
2.Tata carane ana pitung macem.
3. Gunungan kopat (kopat gunggung) ana pitung lapis.
4. Panggonan ritual hang ditekani ana pitung panggonan.
5. Panjake gedhogan sak umuran emak-emak akehe pitung uwong.
6. Akehe tokoh adat ring pedhukuhan iku ana pitung uwong. Ahli bayi, ahli pijet, ahli obat-obatan, ahli udan, ahli itungan, ahli nujum lan ahli nambani ilmu sihir.
7. Sampek hang paling cilik kaya paglak dhuwure pitung meter, akehe usuke 7 lan kepange ya 7.

Pitung Macem Kegiyatan
Adat Gelar Pitu hang dilaksanakaken warga Dukuh Kopen Kidul, Lingkungan Kampung Baru, Desa Glagah, kecamatan Glagah iki ana pitung kegiyatan, yaiku:
1. Ngangsu Banyu Panguripan (Mendak Tirta), njuwut banyu teka sumber nong alas kono.
2. Kirab Kupat Gunggung, keliling dhukuh ambi nggotong gunungan kopat.
3. Jiarah kubur, melebu pesareyan disambi nyampekaken pitutur (wekase) embah buyute warga.
4. Masang kain abang, ndeleh sak lembar kain abang ring paesane makam Buyut Saridin hang dilakoni lurah.
5. Nyucekaken Barong lan Kopat Gunggung, nyiramaken banyu sumber hang dijuwut sak durunge, nang endhase barong lan gunungan kopat.
6. Kendurenan, ndonga ring ngarep langgar aju madhang bareng warga, tokoh masarakat lan para undangan.
7. Rebutan Kopat Gunggung, ngerebutaken kopat hang isine picis hang dadi pungkase acara.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Muhammad Abdul Mun'im S.Pd. ring Lontar Using

Editor: Hani Z. Noor