Adat Gelar Pitu (Bagiyan 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 15 Juli 2025 08:07 WIB)
- Laporan
Adat Gelar Pitu (Bagiyan 2)
Ditulis ring Mohammad Abdul Mun'im, S.Pd.
Pitung Panggonan Ritual Ngangsu Banyu
Tokoh-tokoh adat njuwut banyu teka ring sumber ring kali hang mbanyoni sawahe warga. Ndonga nyang Hang Maha Agung njaluk keselametan lan sejahterane warga mandheg noring pitung panggonan.
1. Bale Wantilan/Bale Paseban/Bale. Gesah, panggonan pertemuan utawa pendhapa.
2. Bale Pertapan, panggonan tapa (medhitasi/semedi).
3. Griya Pasinggahan, panggonan iki umah kawitan hang diedegaken Buyut Saridin kanggo manggon ring balad kono.
4. Makam Buyut Putri, kuburan cilik hang dipercaya makame rabine Buyut Saridin.
5. Sendang Kamulyan, panggonan aduse Buyut Putri.
6. Sumber Panguripan, sumber iki cilik taping sing yau asat keneng ketiga lan sing tau ember ring mangsa rendheng.
7. Bale Pasantren Agung, iki pesantren panggonan belajar santri-santrine Buyut Saridin.
Pitung panggonan iki nduweni aura goib kadhung dideleng ambi mata batin hang weruh. Wong biyasah utawa sak mata-mata sing bisa ndeleng paran hang ana ring pitung panggonan iku.
Cerita anane Adat Gelar Pitu iki sedurunge ana kedadeyan ruwed antarane tokoh-tokoh adat hang magih sak duluran iku. Padha ngelakoni acarane dhewek-dhewek sing perduli acara liyane hang tepak barengan.
Aju para sesepuh kumpul lan rembug nengahi masalah. Dadi terus ana aran Adat Gelar Pitu hang dilaksanakaken saben taun ring dhukuh iku.
Jare, Kopat Gunggung sing arupa gunungan kaya saiki taping diwadhahi nganggo welasah gedhi hang akehe ya pitu.
Pikiran, lelakon lan asil karya wis ana ring adat Gelar Pitu. Seperene tetep dijaga lan dilestarekaken warga Using ring Dukuh Kopen Kidul, desa Glagah.
Wong hang duwe budaya, adat hang dadi ciri hase minangka wong hang beda ambi wong liyane ya kudune njaga lan ngelestarekaken adate. Mumpung adat iku sing nyeliwah teka aturan hukum undang-undang hang ana.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Muhammad Abdul Mun'im S.Pd. ring Lontar Using
Editor: Antariksawan Jusuf





