Adat Gelar Pitu, Wekase Buyut Saridin (Bagiyan 3 pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 16 Juli 2025 07:36 WIB)
- Laporan
Adat Gelar Pitu (Bagiyan 3 pungkas)
Ditulis ring Mohammad Abdul Mun'im, S.Pd.
Pitung Pitutur (Wekase) Buyut Saridin
Pitutur utawa wekas ya nasihat iku hang ngelairaken Adat Gelar Pitu. Pesen hang disampekaken nganggo Basa Using. Masiya gedigu nduweni makna lan pesen moral hang jeru supaya warga bisa urip sakmesthine wong hang duwe budaya.
Wekase yaiku:
1. Mbesuk nawi isun wis sing ana umur, ring papan panggonane jasadisun andemana tengeran kelaras utawa papahe gedhang.
Maksude: supaya anak putune sing ngelalekaken leluhure hang wis mbabat alas balad kono, ambi ngirim donga, ya ngurmati hang wis nyulungi.
2. Nawi panen pari ring balad kene aja lali nggantung utawa masang umbul-umbul hang wernane abang.
Maksude: supaya sukur nang Alloh mergane akeh rejekine. Kelawan tandha iku mau, ngejak warga liyane milu gotong royong manen pari.
3. Angger taun aja lali lakonana sedhekah bumi ana ring latar utawa galur. Adat iki aja sampek ditinggal.
Maksude: Biyasahe selametan iku makene wong liya mara lan milu ngerasakaken senenge polae penting temenan kanggo njaga silaturahim. Terus njaga setiakawan sosial kelawan madhang bareng ring ngarep umah utawa dalane desa.
4. Melakuwa bareng sak dulur iring-iringana nyang papan panggonane supaya selamete, wadhahana ancak lan arena godhong gedhang.
Maksude: Iki cara siar hang bener lan jelas. Wong mesthi dhemen ndeleng arak-arakan kanggo bisa nyampekaken hang lebih jeru timbang melaku-melaku biyasah.
5. Sing perlu apik lan akeh. Nganggowa bain kopat pitu lepet pitu utawa liyane iku ya pitu, paribasane sing bisa ngiseni kopat, kopat mentakan bain ya wis keneng, asal kopat mau isine dinar. Serta wis bubar padha rebutana. Sapa bain ulih kang kothong tandha rejekine mengarepe sithik, sakwalike kapan ulihe kopat isine akeh dinare tandha mengarepe gangsar rejekine.
Maksude: supaya kabeh sing maksa awake dhewek, cilik-cilikan lan periatin taping sing melid. Dhemen sukur lan sing males, kudu munggah etos kerjane aja aras-arasen pisan.
6. Tolak sengkala, balak, belahi hang ngelakoni kudu lare wadon, kerungkube nganggo pupuse gedhang lan ndhuwure tanjebana kembang abang, lakonana angger taun, supaya balad iki selamet teka penyakit lan tetanen kene supaya sing diganggu ambi ama, enggonen sak duluran, nawi dienggo pamili sak njabane kene, dina pitu kudu dilakoni kabeh. Pamili kang ana kene miluwa mudhun ambekana beras mung sak jimpit.
Maksude: supaya sing bosen ndonga muga-muga adoh teka bebaya hang ngancam warga kono sak lingkungane. Ya duwe maksud supaya ngurmati wong wadon, saben ana acara hang dianakaken dulur liya kampung, ya miluwa urun.
7. Mulane kopat pitu lepet pitu minangka kanggo mengeti: Siji, sira kabeh sak durunge lair nalika magih ring njero weteng, meteng pitung ulan sira diselameti tingkeban. Loro, sira urip ningkrik bumi, bumi ya lapis pitu. Telu, sira urip dipayungi langit, langit ya lapis pitu. Papat, sira urip ya ngombe banyu, banyu ya pitu. Siji banyu sumber, loro banyu udan, telu banyu segara, papat banyu sawah, lima banyu ebun, enem banyu gunung utawa kawah, pitu banyu sumur. Lima, sira nggawe umah, arane umah ya ana pitu, saka, jait, lambang, penglari, belandar, suwunan lan rab. Enem, dina ya pitu, Ahad, Senen, Selasa, Rebo, Kamis, Jemuwah, Sabtu. Pitu, mbesuk sira mati ya diselameti. Akehe selametane ya pitu. Siji nggeblah, loro telung dinane, telu pitung dinane, papat petang puluh dinane, lima satus dinane, enem setaune, pitu sewu dinane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Muhammad Abdul Mun'im S.Pd. ring Lontar Using
Editor: Antariksawan Jusuf





