Adat Nyekar lan Pasar kembang ring Penampan Puwasa

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 19 Februari 2026 08:01 WIB)
- Laporan



Adat Nyekar lan Pasar Kembang ring Penampan Puwasa

Ditulis ring Moh. Syaiful

"Nyekar" wis dadi adate wong Banyuwangi ring dina penampan puwasa lan dina penampan lebaran. Nyekar aseline teka basa sekar hang artine kembang. Kebiyasahan iki diarani gediku mergane wong-wong hang nekani kuburan sangu kembang hang anyar lan seger sak perlu disebaraken ring ndhuwure pesareyan utawa kuburane keluwarga sanak kadang guru lan wong tuwek hang wis ninggal donya.

Nyekar biyasahe nganggo kembang kirim yaiku kembang hang wis diperetheli makene bisa disebar ring ndhuwure lemah kuburan. Jaman bengen wong hang nyang kuburan sangu kembang kirim ambi banyu suci utawa banyu rijik hang diwadhahi kendhi. Sakmarine donga diwacakaken ring iringane kuburan teka keluwarga hang wis ninggal iku mau kembang kirim diuwur-uwuraken ring lemah kuburan mujur ngalor ngidul. Sakteruse banyu suci utawa banyu rijik iku mau dicorotaken ring ndhuwure kembang hang wis disebar.

Mula iku ring wayah penampan puwasa lan penampan lebaran wong dodol kembang  ring pasar teradhisional Banyuwangi dadi pasar kaget. Sing luput uga ring pertelon, perapatan lan kerameyan liyane uga ana wong dodol kembang hang dhasar nganggo lapak sak anane.

Ring Rogojampi Banyuwangi pasar kembang kirim hang paling gedhe ana ring Gurit desa Pengatigan kecamatan Rogojampi. Ring pinggir dalan hang nuju nyang perumahan Gurit Rogojampi saiki pasare tambah gedhe lan rumang merga lapak-lapake wis digawe nganggo bangunan hang permanen lan katon rijik ketata. Wis sing ana maning meja utawa pelanca umahan sakanane hang dicangking melebu metu aju dienggo dhasar.

Pasar Kembang Kirim hang ana ring Gurit iki dudu pasar kaget utawa pasar dadakan hang mung ana ring penampan ulan puwasa kaya gediki. Pasar Kembang Kirim iki saban dina bukak, naming rame-ramene ana ring dina Kemis malem Jemuwah. Nur Hariri salah sijine wong hang duwe lapak ring kana nerangaken kadhung pasar kembang iki dadi rame ring ngarepe ulan Puwasa lan ngarepaken ulan Syawal, merga akeh wong hang padha jiarah kubur lan akeh hang mbutuhaken kembang kirim iki.

Kembang kirim kanggo nyekar hang didhasar ring kana antarane bain kembang kanthil  putih, kembang kanthil kuning, kumitir, kenanga, mawar, melati, pacar banyu lan liyan-liyane. Maneka rupa kembang iku saiki wis sing kabeh bisa dikulak teka Banyuwangi lan sak ubengane naming ana uga kembang hang kulakane perlu teka panggonan hang adoh. Umpamane kumitir utawa kembang telek-telekan hang ditekakaken teka Bali.

Sakliyane kembang kirim kanggo nyekar ring kene uga nyedhiyaken uba rampene wong hang arep ritual kayata ritual ngebangi umah, kekah, piton-piton, nyukit lemah lan ritual liyan-liyane. Sakliyane kembang kirim, cok bakal hang arupa endhog lan para bungkil bisa dituku ring kene.

Pasar iki kegolong unik kerana beda ambi pasar-pasar liyane. Inopasi pasar rakyat iki wis ana nyatane ring taun iki. Kanggone masarakat dusun Gurit desa Pengatigan Rogojampi pasar kembang bisa dadi panggonan ningkataken ekonomi rakyat. Umpama maning pemerintahan desa tanggap bisa uga didadekaken festival setaun sepisan ditambah ambi panganan teradisional bisa uga dadi asset desa ring dina mburian.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf