Adat Tumpeng Suwung Lan Nyukit Lemah

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 16 September 2025 07:19 WIB)
- Opini



Adat Tumpeng Suwung lan Nyukit Lemah
Ditulis ring Kang Ujik

Tumpeng Suwung kadhung ring kampungisun, Kerantigan Banyuwangi, iku selametan selapanan utawa sepasaran bayi. Tumpenge dikudhungi kukusan. Mari serakalan lan ndonga uga wis mari ngethok rambute bayi paling sithik telung rambut, aju madhang bareng.
   Kukusan kudhunge tumpeng dibukak ambi ngomong: SUWUNG. Iku tengere, emake bayi uwis rijig teka getih nipas. Artine, apake bayi wis ulih maning turu bareng emake bayi.
   Ucap suwung iku artine kosong yara. Jare sapa umur sangang ulan, tepak mitoni, tepak perocot, dianakaken selametan Suwung? Hang suwung parane? Tumpeng suwung iku tinggalane wali. Sedurunge mbukak kukusan tutup tumpeng, dijelasaken kadhung buru ngelairaken sampek nggadug sak selapan, si apak iku sing ulih ngumpuli kerana magih ana getih nipase.
   Dene teradhisi Nyukit Lemah ring kanca Desa Kelir Kecamatqn Kalipuro, adate dilakoni nalika bayi cuplak puser diselameti jenang abang. Teradhisi iku kanggo ngengetaken kadhung menusa iku digawe teka sari patine lemah.
   Kaping pindho kanggo ngengetaken kadhung jasade menusa bakale mbalik ning lemah.
   Mulane kadhung uwong tuwek bengen, cuplakane pusere iku disimpen kanggo tamba. Nawi bayine manasi, cuplakan puser kono mau diekum wedang. Aju wedange dienggo mbelonyohi awake bayi lan ana uga hang diombekaken.
   Amening, aja gampang-gampang mbukak utawa nduduhi kapan wektune cuplak puser ning uwong liya. Kerana wektu cuplak puser iku wektu apese bayi kadhung uwis lancing perawan sampek tuwek.
   Kuwatire nawi ana hang bangkel utawa musuhan, disihir nalikane mbarengi ambi wektu cuplak pusere. 
   Ilmu hang gedigu iku uga disinaoni dulur-dulur pulisi. Nawi ana bajingan hang sekti, mesthi digoleti dhata peribadhine. Dina laire kapan lan tanggal pira. Mula kang pulisi iku mesthi ngejer bajingan iku dina ketelu teka dina lahire, utawa kelima utawa dina kepitu. Bajingan iku mesthi kecandhak utawa mati ditembak.
   Emak bengen tau nggawe jenang kelir abang, ijo, kuning, cemeng lan putih. Jare kanggo nengeri cuplak pusere adhikisun. 
   Jenang kelir hang diwadhahi takir iku ulih telung dina aju dikintiraken ning kalen. Nalika iku isun takon paran maksude, emak sing bisa semaur.
   Serta isun uwis dhemen kelomprohan merga dadi wartawan lan reporter radhiyo kala semono ulih jawaban kadhung iku nengeri, menusa iku dibarengi ambi dulur papat lima badan.
   Sapa dulur papat iku? Semaure uwong tuwek-tuwek nalika iku, dulur papat arupa napsu lawwamah, amarah, supiyah lan mutmainnah.
   Kadhung takir dikalekaken iku paran maksude? Jare nasibe, rejekine makene lancar kaya dene banyu mili.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Foto: YT Nanik Kartikan

Editor: Hani Z. Noor