Adate Wong Nggawe lan Ngurmati Bengahan

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Selasa, 21 Oktober 2025 08:21 WIB)
- Opini



Adate Wong Nggawe lan Ngurmati Bengahan

Saben umah ring jaman bengen iku mesthi ana hang arane bengahan. Wujude pesagi hang biyasahe ana hang bolongane siji, ana hang loro. Modhel bolongan enggo panggonan ngelebokaken kayu ya ana hang diandoh ring antarane bolongan loro utawa ana hang dimodhel kenceng.

Bengahan bengen wis paten nong panggonan hang mula wis dietap uga mantesi ana ring pawon. Kadhang ana hang nong njabane umah naming tetep ring pinggir mburi umah, uga ana hang ring kiwa tengene umah.

Nggawe bengahan:

Nggawe bengahan cukup nganggo bata abang lan lemah lempung. Bata abang dienggo kerana awet lan kuwat. Dhung lemah lempung gunane kanggo njanggetaken ring antarane bata uga dadi lapisan njabane bata hang wis dadi bengahan. Ngetap batane meraji kaya dene uwong nggawe tembok umah. Ana hang diweni tetekan teka jajang ring sak pinggirane bengahan makene tambah jaya uga hing nggeronthol.

Niyate nggawe bengahan:

“Niyat ingsun nggawe panggonan kanggo olah panganisun sak keluwarga, hing ana rasa ala uga aja ana mala.”

Sesajene mari nggawe bengahan:

Nggawe papat sajen hang saben sajene iku siji godhong suruh diweni enjet sak cukupe ring tengah-tengahe godhong. Diandoh nong pojok ndhuwure bengahan sampek suruhe alum. Masiya wis dienggo adang lan masak, godhong suruh lan enjete digeningaken bain.

Mistise bengahan:

Bengahan iku dipercaya dadi panggonane jim hang njaga umah. Uga bisa njaga keluwarga hang manggoni umah.

Aturane teka bengahan hang kudu dituruti:

1. Aja ngelangkahi bengahan, makene sing keneng apes.

2. Kudu diuripi geni masiyatah sedhilut saben dinane makene nguweni tandha kadhung menungsane magih butuh lan ngeregani bengahan.

3. Saben ana salah siji keluwarga hang warang, bisa dipoleti areng sak cukupe teka njerone bengahan.

4. Kadhung ana selametan paran bain, kudu ndelehi endhase pitik hang wis digawe ingkung nong ndhuwure bengahan hang tujuwane ngeregani tunggune bengahan kadhung wis miloni selametan kanggo bagiyan olah-olah. Uga ya wis dadi sumbere selametan hang wis nulungi suksese selametan ring bagiyan panganan (konsumsine).

5. Kudu disedhiyani tutupan ring ndhuwure bolongan bengahan makene bisa njaga angete bengahan. Hang tujuwane dadi paribasan utawa nggambaraken angete keluwarga hang ana ring umah iku.

Naming, kerana jaman saiki akeh hang wis padha ngalih nong kompor gas. Adat lan rasa percaya anane adat kanggo bengahan iki wis luntur. Uga ana hang nyepelekaken, mesthine bisa tetep nganggo bengahan ring umahe masiyatah wis ana kompor gas.

Penulis: Muhamad Novi Yusuf (Opi)

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf