Aja Wedi Nulis Nganggo Basa Using
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Rabu, 10 Desember 2025 06:03 WIB)
- Laporan
Aja Wedi Nulis Nganggo Basa Using
Ketua Sengker Kuwung Belambangan (SKB) Antariksawan Jusuf ngewani wekas nong para penulis kanggo saya gayab ulihe nulis nganggo basa Using.
"Merga kadhung apik ceritane, bisa pisan ngalahaken karya hang ditulis nganggo basa dhaerah liyane," jare Kang Aang tepak ngewani Laporan ring Iwuh Gedhe Sastera Using tanggal 30 Nopember kapanane.
Minangka bukti, ring iwuh iku rong novel, Agul-Agul Belambangan (AAB) karangane Moh. Syaiful lan Ontrang-Ontrang Langit Payaman (OOLP) karyane Kang Ujik ngalahaken karya sastra liyane. Ring penghargaan Rancage taun 2017 AAB hang dilebokaken kategori basa Jawa tepak taun iku ngalahaken 19 karya basa Jawa. Dene OOLP ulih Anugerah Sutasoma minangka karya sastra berbahasa daerah paling apik ring Jawa Timur taun 2025.
Kang Aang uga ngomong iwuh iku digelar dienggo ngerayakaken merujuke sastera Using hang saya santer taun iki.
Merga sedurunge iwuh iki, tepak ulan September tanggal 6 kapanane, ana 7 penulis lan 8 judhul buku hang dipeleciraken. Teka judhul-judhul iku 5 yaiku OOLP, Mulih (karyane Antariksawan), Lilin lan Lintang (Wahyu Rizki Kurnaini), 11 Taun (Nur Holipah) lan Ngutugi Ati (Ansorik) wis ditampa panitiya Rancage kanggo dipilokaken ring lomba taun saiki.
Mula karya sastera Using hing ajeg saben taun hang milu ring Rancage iki. Pungkasan taun 2021 ana novel Wilis (Mas Aji Ramawidi) hang dikirim nang panitiya Rancage naming hing ulih hadhiyah.
Yayasan Rancage hang diedegaken ring sastrawan ruwahe Ajip Rosidi ngewani penghargaan nang karya sastra perorangan hang ditulis nganggo basa dhaerah yaiku Sunda, Jawa, Medura, Bali, Lampung, Batak lan Banjar.
Teka wolung judhul buku hang dipeleciraken ulan September iku, cumpune salah sijine, yaiku novele kang Ujik OOLP, ulih Anugerah Sutasoma teka Balai Bahasa Jatim kategori karya sastra berbahasa daerah ring Jawa Timur.
Kanggo ngerayakaken, ana tantangan teka Dr. Ahmad Taufik Universitas Jember, bukune kudu dibeliyaki. Merga novel Using hang sedurunge, AAB durung tau dibeliyaki isine ya wis sekaliyan dibarengaken. AAB dibeliyaki ring bankir Elvin Hendratha lan pembandhing Mas Aji Ramawidi, dene OOLP dibeliyaki ring dosen Untag Muttafaqur Rohmah lan ketua Dewan Kesenian Blambangan Hasan Basri minangka pembandhing.
Iwuh iku uga meleciraken buku kumpulan cerita cendhek basa Using Leroban teka 24 penulis. Hang milu ana kang Ujik, Syaipul, Holip, Muzakky, hang wis koncar kancir dadi juwara nulis cercen. Ana guru-guru kaya Heni, Istipadah. Lan lalare sekolah SD, SMP, SMA. Lalare iki dudu lalare sembarangan. Wis tau juwara ring lomba Literasi Using lan digembleng ring Kemah Cerpen hang digelar Balai Bahasa Jawa Timur ring Surabaya. Muga-muga ring tangane lalare iki mbisuke sastera Using saya dadi gedhe.
Nulis cerita nganggo basa Using aja wedi salah, merga teka hang salah mauka mbisuke bisa dadi bener. Aja wedi elek, merga teka hang elek mauka mbisuke bakal dadi apik. Sarate kudu ngawiti nulis lan aju gelem nyinaoni paran luput lan kurange. Kaya hang diucapaken Mas Aji Ramawidi ring iwuh iku, karya tulis hang apik iku ya hang ditulis, merga kadhung mung ana ring pikiran lan angen-angen, masiya ide tulisane luar biyasah hebat hing bisa diarani apik. Mulane mayo padha jenggirat lan gayab nulis nganggo basa Using.
Pungkasan, kang Aang ngomong kadhung jaman bengen jare Wong Landa hang nulis buku Kalangwan, PJ Zoetmulder, sakat abad 17-18 Banyuwangi ngelairaken karya sastera hang duwe ciri has dhewek hang beda teka gawenane sastera Jawa. Merga lontar-lonta hang ana ring Banyuwangi iki ceritane kerakyatan dudu keraton sentris, sampek diumbulaken basanan:
jaring kawat dipasang ring kali kening,
sastera Using jenggirat tangi maning.
(Hani Z. Noor)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.