Angklung Paglak Mulih nyang Umahe Maning

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Minggu, 01 Juni 2025 08:54 WIB)
- Laporan



Bengi iku, 31 Mei 2025 RTH (Ruang Terbuka Hijau) Singojuruh Banyuwangi dadi saksine gelar karyane Bagus Agustin, S.Sn. Bagus Agustin hang lulusan STKW Surabaya jurusan Karawitan iku asli kelairan Pasinan hang duwe kesempatan bisa nggawa mulih karyane hang wis tau digelar ana ring Gelar Karya Tugas Ahir rikala dadi prasarat njumput gelar sarjanane.

Gelar karya seni pertunjukan hang nganggo aran “Paglak Menyingsing Senja Berkisah” iki arupa gelar tata tabuh lan gendhing  hang digarap ambi drama lan uga ewer hang nyeritakaken asal-usule angklung paglak hang ana ring tengah sawahan.

Bagus Agustin dhewek nguweni keterangan ambi bungah merga karya Tugas Ahire hang bengen mung ana ring kampus STKW Surabaya bengi iku bisa digarap maning ambi Sanggar Seni Jiwa Etnik Blambangan Singojuruh ana ring kampunge dhewek. Karya hang bengen diweni aran “Paglak Langkaban” iki wis bisa mulih balik maning nyang umahe dhewek. Karya pertunjukan iki magih nganggo panjak mula naming ditambah ambi panjak Banyuwangi kabehe ana 20 pemain.  Gelaran iku magih ditambah maning durasine teka 15 menit dadi 40 menit. Gelaran katon meromong serta genjot hang wis disetting kaya sawahan hang mari ngampung iku keneng damar kelap-kelip. Mestine iki dadi hang nyenengaken atusan penonton hang nekani RTH Singojuruh iku.

Hang gawe mongkoge wong Singojuruh iki mergane pergelaran iki nganggo borek Proyek "Dana Indonesiana" yaiku arupa program Kementerian Kebudayaan hang nalangi picis utawa alokasi dana kanggone ndhukung kegiyatan kebudayaan hang sipate setrategis, berkelanjutan, lan duwe pengaruh hang jeru lan wera nyang kabeh lapisan masarakat.

Bengi iku sing mung pergelaran karya sni pertunjukan bain naming uga ana peleciran maestro seni musik Banyuwangi yaiku Pak Tohan. Pak Tohan hang duwe sanggar Laras Madu Pasinan uga  salah sijine panjak angklung Singojuruh hang wis netepi tabuhan angklung paglak sampek ana ring umur hang wis wayah iki.

Pak Tohan wis kepara nyata sakat nom-noman sampek tuwek iki wis nguri-uri angklung sing mung angklung paglak bain naming uga Angklung Caruk lan Praburara. Sakliyane gawe angklung lan main ana ring angklung caruk Pak Tohan uga bisa dadi guru nyang lare nom-noman ngajari nabuh angklung sampek-sampek lare Pasinan wis akeh hang bisa nabuh angklung.

Sing daman-daman ring kegiyatan iku sampek ditekani Asisten Bupati Bidang Perekonomian dan Pembangunan Pak Dwi Yanto, uga ana Plt Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi Pak Taufik Rohman, Ketua Dewan Kesenian Blambangan Pak Hasan Basri, lan ana uga Maestro Seni Karawitan Surabaya yaiku Pak Bambang SP. Ring pidato sambutane Asisten Bupati Bidang Perekonomian dan Pembangunan iki nyatakaken seru girange ana kegiyatan iki pemerintah Kabupaten Banyuwangi bakalan sanggup madhahi kadhung sampek Singojuruh nganakaken sewu angklung paglak taun ngarep.

Dwi Yanto uga nambahi kadhung ring papan kene iki wis akeh anane lare nom-noman hang wis bisa nguri-nguri tabuhan angklung paglak hang bisa dadi pewarise Pak Tohan ring dina mburiyan. Mula iku Banyuwangi sing usah kuwatir bakal kelangan angklung paglak merga generasi nom-noman wis gelem nguri-uri angklung hand dadi keseniane wong Banyuwangi iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf