Apresiasi Gendhing Nunggang Sepur (bagiyan 1)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 16 Januari 2026 07:21 WIB)
- Opini
Apresiasi Gendhing Nunggang Sepur
(Bagiyan 1)
Nunggang Sepur
Kula nunggang sepur mudhun Kalibaru
Emak durung nempur anak nggantung untu
Kula nunggang sepur mudhun nong Krikilan
Embok magih pupu kakang hang sisilan
Kula nunggang sepur mudhun Glenmore
Bapak turu kasur, emak turu ngisor
Kula nunggang sepur mudhun Setail
Bibik adang bulgur anak kemal-kemil
Kula nunggang sepur mudhun Temuguruh
Paman warah ngelembur mulih wayah subuh
Kula nunggang sepur mudhun noring Kabat
Wong megawe jujur ya sing kathik sambat
Kula nunggang sepur mudhun noring Dadapan
Sega wadhang bulgur dienggo sarapan
Kula nunggang sepur mudhun Banyuwangi
Aja mangan bulgur mangana genjah wangi
Mudhun nunggang sepur aju nunggang dhongkar
Belambangan subur kembang-kembang mekar
Sair/lagu: BS Noerdian
Taun cipta,/populer: 1972/1975
Instrumen pengiring: Angklung
Produksi: Ria Record Banyuwangi
Gendhing iki nganggo cara "gurindam", sipat bait isi rong baris. Baris kawitan arupa sampiran lan hang kepindho isi kaya basanan. Taping kabeh mau ana sangang bait utawa 18 baris ngemu isi hang nyewiji.
Arti ukara gurindam dhewek teka India, yaiku "kirindam" hang artine "amsal" utawa "umpama."
Puisi jenis iki bengen jaman sastera Melayu kuna dienggo para pujangga, lan ana Raja Ali Haji hang kesuwur ambi Gurindam 12, merga akehe 12 baris.
Man Bashir Noerdian ndadekaken setasiyun ring kabupaten Banyuwangi, sakat teka Kalibaru sampek Banyuwangi, kanggo sampiran (masiya ana setasiyun hang hing disebut kaya Rogojampi, Sempu ambi Singojuruh).
Cekak aose, kadhung rungu gendhing iki mesthi aju enget nang wilayah Banguwangi.
Tunggangan sepur hang mandheg ring setasiyun cilik-cilik mau bengen diarani sepur keluthuk, jurusan Klakah (Lumajang)-Banyuwangi.
Tunggangan rakyat cilik, isine seliyane menungsa, uga rajakaya ambi asil panenan.
Sakat kawitan, penganggit wis langsung nyeritakaken kahanan sosial Banyuwangi, antarane taun semono (1960-1070an), usume ama keresek ambi wereng, akeh wong tani hing bisa panen, merga parine rusak.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.