Arkas lan Musik Banyuwangen

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 09 Maret 2024 06:56 WIB)
- Laporan



Jemuwah bengi  8 Maret 2024,  kanca- kanca musisi lan penyanyi Using padha kumpul ring padhepokan sanggar seni Joyo Karyo kanggo nengeri kumpul kumpul kelawan cap ARKAS. Yaiku Arisan Karya Musik. Isine diskusi lan arisan karya musik. Pembicarane yaiku Kang Yon DD, lan Adlin Mustika Alam, S.Sn. Arkas dhewek dipelopori wong papat yaiku Adlin, Ilham, Pungky lan Nuno Sutejo.
    Panitiyane yaiku Ketua Forum Diskusi Musik Rutinan, Kang Pungky.
   "Komunitas iki kanggo ngomongaken karya musik lan kelendi carane musik Banyuwangen tetep kejaga lan bisa saya munggah kelase. Kerana musik Banyuwangen uwis nduwe roh. Mula dadi lare nom-noman kudu patheng sinau bareng ngenengi masalah musik Banyuwangen.
   "Liwat ARKAS iki, karya musik iku bisa dadi panggonan urunan karya," abane Kang Pungky.
   Ketua Dewan Kesenian Belambangan (DKB) Kang Hasan Basri nyampekaken kadhung kabeh seniman musik Banyuwangen kudu ndeleh egone dhewek -dhewek. Makene sing eret-eretan karya taping malah dadi rembug karya.
   "Isun lan Rika kudu bisa ngedhem ati kadhung musik Banyuwangen iku kelebu tradhisional hang klasik lan ana uga senthokan-senthokan modheren, utamane teka kanca-kanca seniman musik akademisi. Kabeh kudu bisa diterima kelawan dhemen ati," abane Kang Hasan mungkasi sambutane kelawan mbukak diskusi hang sakteruse dipimpin moderator Elvin Hendratha.
   Jare Yon DD, suwara musik durung karuwan teka alat musik. Bisa bain barang pawon dadi sumber musik, alat-alat tukang kayu, tukang batu ya keneng dienggo sumber suwara. Aja mung nabuh alat musik hang uwis anjerah kayadene angklung, gitar, lan liya liyane. Mulane aja kepuket ning masalah tema angklung caruk. Tampilena musik lan alat-alate hang dudu alat musik. Umpamane kayata wajan, cethok, pacul lan liya liyane.
   Dene Mas Yofi gitaris kawakan, komentare: "Kawitane Isun sing dhemen nang musik tradhisional. Taping nalikane ngerungokaken kuntulan, gairah ndhemeni musik  tradhisional mangkat njumbul. Mulane musik tradhisional kudu dipadhu ambi musik liyane.  Aja endak ngomongaken sempurna. Hang penting berkarya sulung buru diteliti maning kanggo nyempurnakaken."
   Hang katon teka ring acara iku ana para seniman musik tradhisi kayadene Kang Ju, Kang Epeng, Cak Eko, lan seniman liyane kaya seniman tari Samsul Kemiren, pelukis Momo, H. Ilham Triyadi, pengarang gendhing Kenong (Sinar Lintang), lan akeh maning liyane.
   Diskusi dipungkasi kelawan tampile peserta diskusi nabuh angklung sampek rong gendhing. Serta dilotre, arisan karya musik hang arep teka manggon ring sanggare Adlin.

(kang ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor