Arsitektur Masarakat Using Banyuwangi (Bagiyan 2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 13 Oktober 2025 06:15 WIB)
- Opini



Arsitektur Masarakat Using Banyuwangi (Bagiyan 2)
Ditulis ring Arif Wibowo


Umah, kanggone wong Using dadi kebutuhan utama merga umah dadi salah sijine kesempurnaane wong urip lan umah-umah.
   Prinsipe wong Using "Bangur ngirit mangan timbang sing duwe umah dhewek lan kudu manggon ring lemahe dhewek." Kadine kanggo wong hang wis umah-umah lan hang duwe anak lanang tumeka anake magih cilik wis mangkat kelumpuk sithik-sithik embuh iku mung tanduran wit-witan utawa tanduran wit kelapa hang butuh wektu taunan mbisuke mung kari negor kanggo ngedhekaken umah kadhung anake rabi.
   Semono uga hang arupa lemah kanggo panggon ngadege umah, kelumpuk sithik-sithik kanggo tuku lemah. Duweya anak lima kadhung lanang kabeh wong tuwek kerasa magih durung sampurna uripe kadhung durung bisa nggawani panggonan kanggo anake.
   Wong tuwek wajib manggonaken anake ring panggonan hang padha.
   Maksude kadhung nduwe anak lanang telu umpamane, wong tuwek kudu nyawisi telung panggonan lan umah hang dijejer.
   Anak hang paling tuwek dipanggonaken ning pinggir tengen. Hang kiwane kanggo anak hang lebih enom lan sak piturute.
   Mula ring adate wong Using, wong lanang hang rabi wajibe nggawa umah lan pelanca penggawangan hang digawani wong tuweke.
   Wong wadon hang laki wajib nggawa isine umah arupa pekakas barang bala pecah lan sak maceme hang uga digawani wong tuweke.
   Kanggo wong hang buru umah-umah gawan-gawan teka wong tuwek mau dienggo sangune urip ketang wis lepas tanggung jawabe wong tuwek.
   Umah uga duwe makna lan nasihat kanggo hang manggoni. Merga wong bengen iku dhemen nguweni wejangan kanggo anak putune liwat simbol-simbol lambang hang wujud barang.
   Kaya bagiyan-bagiyan umah Using iki saben bagiyan ring setruktur umah nduweni pituduh kanggo wong umah-imah.
1. Pikul, perlambang wong lanang, lambang jawabe wong lanang lan tanggung jawabe wong lanang mikul beban lan tanggung jawab ambi keluwarga.
2. Suwunan, perlambange wong wadon hang dijunjung dhuwur kehurmatane.
3. Ander, perlambang nasihat kanggo wong wadon kudu nyander tekane wong lanang, sak tekane megawe kelawan ati kang bekti lan eseman hang nyenengaken atine wong lanang.
4. Rab, artine rabi. Kadhung wong wadon wis nguwani kesenengan nyang wong lanang, semono uha wong lanang ya kudu nyenengaken atine wong wadon.
5. Saka/ugar-ugar, wong lanang lan wong wadon kudu duwe pendirian lan ilmu paran bain makene bisa nggawa kesenengan donya lan ahirat.

   Iku kabeh salah sijine cara mikire wong Using kelendi carane wong Using iki maknani umah. Iki penting diweruhi sulung sedurunge nyinauni arsitektur umah Using. Merga wujud arsitektur iki sing adoh ambi cara mikir (pandangan hidup) masarakat.
   Arsitektur iki salah sijine asil budaya hang ana ring masarakat hang bisa dideleng, ditasakaken lan uga diwe makna lan nilao pilosopis.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf