Arsitektur Masarakat Using Banyuwangi (Bagiyan 4)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 15 Oktober 2025 08:41 WIB)
- Opini



Arsitektur Masarakat Using (Bagiyan 4)
Ditulis ring Arif Wibowo

Wong Using ngenali telung macem umah dibedakaken miturut wujud bagiyan dhuwur (genteng) lan akehe rab, yaiku:
1. Tikel Balung
Biyasahe masarakat Using lebih enak nyebut Umah Tikel timbang nganggo aran lengkap kaya Tikel Balung.
   Jenis umah tikel Balung iku dadi wujud dhasar arsitektur umah Using, duwe rab
hang akehe papat.
   Macem umah iki dadi wujud dadi wujud dhasar arsitwktur umah Using hang diduweni saben-saben keluwarga.

2. Baresan
Jenis umah hang duwe rab akehe telu, wujud hang lebih sederhana teka umah tikel merga rab-e disuda siji.
   Jenis umah iki gunane mung dienggo nambahi utawa nyambung umang hang utama (umah tikel balung) kanggo njangkepi butuhe ruangan ring njero kang dicocogaken ambi akehe wong hang manggoni umah.

3. Cerocogan
Cerocogan iku wujud maceme umah Usibg hang paling sederhana, mung duwe rab hang akehe loro.
   Ring pembagian arsitektur Jawa, kejuluk Panggang Pe yaiku maceme atap genteng hang paling sederhana lan dadi dhasare wujud atap hang berkembang akeh maceme kaya saiki.
   Ring umahe masarakat Using, umah jenis cerocogan iku dideleh ring bagian paling mburi dhewekdienggo pawon.

 

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.