Arsitektur Masarakat Using Banyuwangi (Bagiyan 5)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 22 Oktober 2025 07:46 WIB)
- Opini
Arsitektur Masarakat Using (Bagiyan 5)
Ditulis ring Arif Wibowo
Tata Ruang
Teradhisi arsitektur masarakat Using duwe cara dhewek kanggo ngemaknani ruang hang ana ring njaba lan njero umahe, hang didhasari ambi gunane ruangan iku. Uga dipengaruhi kayatah paktor kepercayaan,
hubungan sosial masarakat lan politik jaman kepungkur.
Umume wong Using nata bagiyan njero umahe sing kariya ruwed lan akeh aturane. Iki merga masarakat Using hang sipate egaliter nganggep sing ana bedane antarane wong siji lan liyane. Umume umah-umah ring masarakat Using, ruangane njero umah teka ngarep memburi yaiku: bale-jerumah-pawon.
1. Bale
Ruangan iki gunane kanggo nerima dhayoh. Kaya umume umah, bale dideleh ring bagiyan ngarep.
Sedurunge melebu ning bale kudu ngeliwati amperan utawa teras jare wong saiki.
Seliyane kanggo nerima dhayoh, bale uga dienggo panggonan selametan paran bain hang sipate selametan kanggo keluwarga.
Nata panggonan ring bale uga ana kebiyasahan-kebiyasahan hang kerep dilakoni masarakat (utamane wong wingi) yaiku mbagi kiwa tengen ruangan bale hang layout ruangane persegi panjang.
Bagian tengen biyasahe kanggo nerima dhayoh lanang hang lungguh ring kursi ambi dijagongi gesah ambi tuan rumah lanang.
Hang pinggir kiwa dienggo nerima dhayoh wadon diedhepi ambi tuan rumah wadon lan dilungguhaken ring Pelanca Penggawangan hang ukurane rada wera.
Pembagiyan kiwa lan tengen bale iku sing dibelat ambi barang hang ngalangi pandhangan taping nganggo cara pemisahan panggonan iku nduduhaken aturan lan tata cara merdhayoh wong bengen hang duwe aji.
2. Jerumah
Jerumah asal ukarane teka jerone umah, ilate wong Using mula dhemen nyendhekaken ucap mane gampang ngomonge.
Sebutan jerumah antarane desa siji lan desa liyane kadhang ya ana bedane, uga ana hang ngomong Njero Umah, Njerumah, Jrumah lan liyane. Artine padha yaiku kamar, jare wong saiki.
Jerumah dipanggokaken ring bagiyan tengah ring antarane saka tengah. Kaya dene gunane kamar umume, jerumah dadi ruangan hang paling pribadi (privat), sing sembarang uwong ulih melebu.
Arane bain Jerumah, iku nduduhaken kadhung bagiyan ruang iki dadi punjere umah lan duwe arti hang jeru kanggo hang duwe lan hang manggoni.
Kegiyatan hang sipate sakral lan paling peribadi uga akeh dilakoni ring kamar, iki dadi paktor hang nggarai kamar dipanggokaken ring bagiyan tengah hang sing gampang dijamah wong liya taping tetep nggampangaken hang duwe ngelakoni kegiyatan lan uga ngawasi umahe lan njangkau antarane ruangan siji ambi liyane.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
