Arsitektur Masarakat Using Banyuwangi (Bagiyan 6)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 29 Oktober 2025 06:29 WIB)
- Opini
Arsitektur Masarakat Using (Bagiyan 6)
Ditulis ring Arif Wibowo
Teradhisi arsitektur masarakat Using duwe cara dhewek kanggo maknani ruang hang ana ring njaba lan njero umahe, hang didhasari ambi gunane ruangan iku. Uga dipengaruhi kayatah paktor kepercayaan,
hubungan sosial masarakat lan politik jaman kepungkur.
Umume wong Using nata bagiyan njero umahe sing kariya ruwed lan akeh aturane. Iki merga masarakat Using hang sipate egaliter nganggep sing ana bedane antarane wong siji lan liyane. Umume umah-umah ring masarakat Using, ruangane njero umah teka ngarep memburi yaiku: bale-jerumah-pawon.
1. Bale
2. Jerumah
(wis dijelentrehaken sedurunge ring bagiyan 5)
3. Pawon
Sebutan hang wis umum ring antarane umah-umah masarakat teradhisi hang duwe akar ambi budaya Jawa yaiku panggonan olah-olah kanggo nyepakaken kebutuhan pangan.
Kaya dene pawon hang ana ring masarakat Using ring desa-desa, biyasahe pawone wera. Kaya dene gunane hang utama yaiku kanggo olah-olah lan aktipitas liyane, ring njero pawon has masyarakat Using biyasahe ana bengahan, paga (panggonan teka jajang hang digantung ring ndhuwur dienggo maroti barang-barang), pelanca gedhi kanggo lungguh, kursi lengkap sak mejane, lan salang (panggonan ndeleh kemarang wadhahe sega hang digantung lan digawe teka penjalin).
Anane kursi sak mejane, nduduhaken kadhung pawon sing mung dienggo olah-olah bain tapi uga kanggo nerima dhayoh. Dhayoh hang ning pawon biyasahe wong parek kaya tangga lan dulur. Biyasahe pawon gunane emeh ngganteni bale, kerana akeh-akehe dhayoh utamane tangga parek lebih pernah gesah ring pawon timbang gesah ring bale merga kerasa lebih akrab.
Ana cerita jare wong-wong tuwek bengen ring jaman penjajahan Landa, susunan ruwangan hang Bale-Jerumah-Pawon dadi Pawon-Jerumah-Bale.
Pawon dipanggonaken ring bagiyan ngarep lan diibarataken umah ngungkuri lurung.
Iki cara seterategi makene paran bain hang dilakoni wong Using makene aja sampek diweruhi ambi Landa.
Bagiyan Bale dipanggonaken ring mburi dhewek tujuwane aktipitas hang sipate umum makene sing dadi curigane Landa.
Taping ring jaman kemerdhekaan iki umah hang ngungkuri dalan wis hing ana' merga saiki kabeh umah ngadhepi lurung.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-62782.jpg)