Arsitektur Masarakat Using Banyuwangi (Bagiyan 7)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 31 Oktober 2025 07:01 WIB)
- Opini
Arsitektur Masarakat Using (Bagiyan 7)
Ditulis ring Arif Wibowo
Niteni Konstruksi lan Istilah Bagiyan Setruktur Has Umah Using
Kaya arsitektur hang merujuk noring nusantara, ring umah Using, kayu dadi bahan utama kanggo ngadege umah.
Paktor alam lan budaya ngewani pengaruh nganggo paran umah iku kudu diedegaken.
Jaman bengen, kayu magih sak arat-arat, mbangun umah nganggo kayu ya kerasa gampang sing kaya saiki.
Umah-umah kuno has Using basahe nganggo kayu hang kuwat lan tahan rayap kaya jenis kayu Jati, Tanjang Risip, Cempaka lan Kelapa (ruyung).
Bengen sedurunge ana genteng, umah-umah Using nganggo lalang utawa nganggo jeliring (godhonge kalapa) hang diwelit. Kanggo nutupi umah lan ngindari hawa kang kadhang panas kadhang adhem, umah Using nganggo gedheg hang dienam teka jajang.
Maceme gedheg ana loro yaiku gedheg pipil hang dienam rapet. Kanggo bagiyan fasade (bagiyan ngarep) lan mbelat antarane bagiyan njaba lan njero, nganggo gebyog kayu hang diukir.
Ornamentasi
Sing kaya umah adat dulur-dulure teka Jawa, Medura lan Bali hang umahe akeh ukiran lan hiyasan merana-merene, umah Using sing kari akeh werna macem ukiran lan ornamen hiyasan.
Ukiran lan ornamen hiyasan ring umah Using mung ana ring bagiyan gebyog, doplag lan ampik-ampik.
Gebyog hang digawe teka kayu gunane kanggo mbelat antarane bagiyan njaba (amperan) lan bale lan jerumah.
Macem werna ukiran antarane Peciringan, Ukel, Mataharian lan Selimpet hang dipasang ring gebyog.
Doplag modhel ukirane nganggo ukiran sederhana lan dadi cendhela bagiyan ndhuwur umah.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.