Asrama Inggrisan (Bagiyan 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 03 April 2025 06:29 WIB)
- Laporan
-39830.jpg)
Ring jamane Landa, kutha Banyuwangi kaya dene kutha-kutha liyane kang dibangun ambi Landa, ning tengah ana alun-alune (saiki arane Taman Blambangan) utawa esplanade, panggonan kanggo tuan-tuan lan nyonya-nyonya melaku-melaku nalika wayah soren. Nong tengah alun-alun ana tanduran kang gedhe lan iyup. Nah, Asrama Inggrisan iki panggonane ana ring sekitare alun-alun iki.
Asrama Inggrisan iki dibangun sekira taun 1776. Serta Inggris nguwasai Indonesia kelebu pisan Banyuwangi, bangunan-bangunan kang dibangun Landa dikuwasai Inggris pisan. Bangunan kang ngadopsi arsitektur Bugis iki dikuwasai Inggris mulai tahun 1811 minangka kantor dagang British East India Company (BEIC).
Bangunan kang dikenal Kampung Inggrisan iki uga dadi kantor telegrap kang ngubungaken Banyuwangi ambi Kota Broome, Australia. Taping ring tulisan Ayung Notonegoro ngenengi Riwayat Asrama Inggrisan, nyatakaken kadhung ndileng kanggone minangka Kantor Telegrap Inggris ning Banyuwangi (Banjoewangi English Telegraph Kantor) dipastekaken Asrama Inggrisan mulai dibangun taun 1870-an.
Apuwa Banyuwangi? Jaman semono Banyuwangi utawa Belambangan wis kesuwur. Panggonan kang ana ring pucuk wetan pulo Jawa iku wis mula dadi liwatane kapal antar samudra. Aju ambi navigator Inggris George Windsor Earl (1813 – 1865) kang ngusulaken aran “Indonesia”, ring taun 1855 ngewacanakaken nyang Dewan Legislatif New South Wales,
Britania Raya supaya nyambungaken kabel telegrap teka Inggris nyang Australia liwat Banyuwangi mung sing sampek kelendi nyambunge kabel ngingsor laut merga Selat Bali terkenal palunge kang jeru seru.
Inggrisan, bangunan kang ana nong kampung Singodilagan ngarepe alun-alun, tepak jaman Inggris pimpinan Raffles arep disambungaken kabel telegraph nyang Australia liwat laut (dipendhem ring ngingsor laut), kang mampaate bisa nyambungaken (komunikasi) wong Australia lan Inggris, ndadekaken Kampung Inggrisan dadi kantor telegraph lan penginapan (lodge, diwaca loji). Mangkane alun-alun kang saiki diarani Taman Blambangan iku bengen arane Tegal Loji. Ahire kabel laut kang ditarik kapal Edinburgh ditambah kapal CS Hibernia lan Navigator mulai teka Port Darwin nyang Banyuwangi bisa kepasang ring Selat Bali lan nyambung ring kantor stasiun telegraph Banyuwangi, ngentekaken waktu sampek 10 dina. Narike kabel kawitan dilakokaken tanggal 7 Nopember 1871, gadug Selat Bali tanggal 16 Nopember 1871.
Nurut laporan ahir kang ditulis ambi Hockin C. (Teknisi British Australian Telegraph Company Limited) nyang kepalane tanggal 30 N0pember 1871, nalika megawe mendhem lan instalasi kabel nong dharatan asile muwasaken lan sing ana alangan masiya kabele ngeliwati banyu utawa kali-kali cilik sampek gadug kantor telegrap.
Diarani Asrama Inggrisan merga sing ana milu campur tangane Landa. Waktu iku perusahaan Eastern Extension ngadeg dhewek lan diurus, ditangani wong kebangsaan Inggris. Sedheng Pemerintah Landa kang nguwasai Banyuwangi waktu iku mung nerapaken sewa lan pajek saben ucap kang dikirimaken nong telegrape. Nurut perjanjian kang disepakati ring taun 1879 iku, diuwot ring surat kabar Java Bode, 18 Agustus 1879. Asrama Inggrisan, ning literatur liyane uga diarani “Roemah Pandjang” polae bangunan Asrama Inggrisan bisa dipanggoni sampek 20 wong.
Bangunan Asrama Inggrisan nganggo panggung (rong tingkat). Ring ngingsor ana limang ruangan utawa lebih. Siji ruangan kang gedhi dibagi dadi lima lengkungan lan pilar, ngetutaken gaya bangunan waktu iku. Ruangan iku ana jedhing, ruang kanggo maca, ruangan kanggo lungguh-lungguhan, ruangan biliar, lan aula.
Sedheng kamar turune ana ring panggung (ndhuwur). Gedigu penjelasane Ogle Moore, pegawe kantor kabel telegrap kang asale teka New Zealand ngenengi megahe Asrama Inggrisan nyang emake, lan diuwot nong “The Wairarapa Daily Times”, Jum’at 6 Maret 1896.
Bida maning kang disampekaken JE Tenison Woods, pendheta lan ilmuwan geologi lan botani teka Australia nalika mara nong Banyuwangi taun 1883. Iyane nginep nong penginepan kang saiki diarani Asrama Inggrisan iki mari-mari nggawe mongkog. Ring teras (ngarepane) wera, mburi uga ana terase pisan. Pelesterane cor-coran kang dipoles. Piyan digawe teka tehel abang, Aju digenepi ambi perabotan kaya kursi tamu, meja, lampu lan liya-liyane. Ana portal kang ngarah nyang aula, kang ngatonaken pemandhangan njero umah sampek taman ring mburi. Kamar turune padha werane ambi lapangan tenes, jedhinge bisa dileboni kereta kencana, lan parotane bisa dileboni gajah. Ning kene iyane nduduhaken kadhung ruangan- ruangan iku wera seru, lan rijig.
Taun 1905 Eastern Extention nganakaken perjanjian konsesi anyar ambi Pemerintah Landa. Ning dokumene muni kadhung Banyuwangi sing mung nyambung nong Port Darwin thok, taping ambi Singapura, Roebuck-baai, Broom Australia pisan. Serta jaman penjajahan Jepang taun 1942, Asrama Inggrisan dikuwasai Jepang. Bangunan iki dienggo markas pasukan elit Jepang. Serta Indonesia merdheka bangunan iki direbut pejuwang lan didadekaken markas Pasukan Yon 27 Batalion Macan Putih Banyuwangi. Taping serta Landa teka maning bangunan iki dijuwut Landa. Buru serta Landa ngakoni kemerdhekaan Indonesia taun 1949, Asrama Inggrisan didadekaken aset Tentara Nasional Indonesia (TNI). Ahire sampek saiki kang manggoni Asrama Inggrisan yaiku para anggota TNI Kodim 0825.
Kadhung rika dulur kabeh menyang nang Asrama Inggrisan, melebune liwat dalan Diponegoro. Ring njaba madhep lurung ana klinik duwene Kodim 0825. Magih sak pelataran, ngidul sithik katon lawangkorine Asrama Inggrisan.
Melebu liwat lawangkorine aju melebu ring Asrama Inggrisan kang kondhisine wis akeh kang rusak. Kang dinggo dadi asrama para anggota TNI Kodim 0825 mung siji loro. Liyane wis sing keneng dimampaataken maning. Potrek-potrek iki kondhisine bangunan teka kidul sampek mubeng ngalor.
Kadhung dipareki, kondhisine bangunan wis rusak seru.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.