Asrama Inggrisan Dadi Cagar Budaya (Bagiyan 1)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 04 April 2025 08:30 WIB)
- Laporan
-42177.jpg)
ASRAMA INGGRISAN DADI CAGAR BUDAYA
Ditulis ring Nani Asiany
Panggonan asrama iki ana ring kelurahan Kepatihan Kecamatan Banyuwangi Kabupaten Banyuwangi. Arep merono, kadhung rika ngadeg ring alun-alun Taman Sritanjung (ngarepe Mesjid gedhi Baitur Rahman) lan numpak sepidhah udhut melakuwa ngetan dalan Susuit Tubun. Gadug perapatan Gedung Juang 45 aju meleguk nengen dalan Diponegoro. Asrama Inggrisan ana ring tengen dalan, koordinat: 8012’43” LS – 114022’32” BT. Bangunan iki ditetepaken dadi Cagar Budaya taun 2020 ambi luas lahan 8.950 m2.
Melebu nyang kompleks Asrama Inggrisan ana lawangkori kang nganggo tembok bata kandel sing kathik olesan semen. Nong latar mburine lawang melebu iku ana sumur (bungker) teka bata taping saiki wis ditutup.
Nong tutupe bungker ana inkripsi (tulisan) “Konig Wilhem”, ning kene mbuktekaken kadhung mbangun asrama Inggrisan uga diprakarsai salah sijine raja Inggris yaiku William taun 1870.
Bangunan utama kang wujude umah panggung teka kidul ngalor dawane 67,5 m. Ring bagian tengah bangunan utama ana ruangan kang bentuke pesegi lan duwe loro lawang ring papat sisihe
· Kidule bangunan utama ana bangunan umah kang madhep ngalor. Bangunan iki genthenge wujud limasan, ana pentilasi/angin-angin ning antara genthenge. Tembok, ngisor plesteran, ambi terase kang wera, pager lan pilar kayu. Umah iki dikelilingi selokan kang jerune 1 m.
Unike bangunan iki wujud umah panggung disangga 13 pilar ring pinggir lor lan 13 pilar ring pinggir kidul, sedheng bagian tengah ana 6 pilar kang nyangga teras, dilengkapi timplikan munggah teka beton cor dan tataan watu nong bagian ndhuwure. Jarang seru nemu bangunan peninggalan Landa kang wujude panggung.
Ning latare kompleks Asrama Inggrisan iki ana lempengan beton cor kang ana tulisan “Burn Brothers, Rotunda Works, 3 blackfriars road, London SE”.
Kerana bangunan iki melebu komplek Kodim 0825 Banyuwangi disaranaken kanggo pengunjung kang arep melebu Asrama Inggrisan supaya ditepakaken pas jam-jame megawe. Melebune sing kathik picis utawa gratis.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.