Bangunan Tanggane Asrama Inggrisan (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 09 April 2025 08:59 WIB)
- Laporan
-26190.jpg)
Bangunan Tanggane Asrama Inggrisan (Bagiyan 1 teka 2)
Penulis ngenalaken bangunan-bangunan tanggane Asrama Inggrisan iki polae magih kegolong bangunan kuna, anane nalika jaman penjajahan utamane Landa kompeni. Banyuwangi kang sedurunge diarani Tirtaganda iku kadhung diartekaken ya muni Banyuwangi. Bangunan kang penulis sebutaken ring ngingsor iki ana kang wis diuwah total bida teka aseline taping magih ana kang nguwahe sing ninggalaken wujud aseline.
1. Gedung Juang 45
Gedung Juang 45 kang wis dibongkar sampek ping telu iki anane ring elore Asrama Inggrisan. Bengen gedhung iki arane “Societeit de Club”, gedhung biskup ring jamane Landa. Gedhung kang manggon ring Kepatihan iki duwene W.C.H. Toewater. Kang nonton mung golongane wong Landa lan ras kulit putih murni teka Eropa polae gedhung biskup iki kelebu gedhung biskup elit. Dadi nurut strukture Landa wong-wong iku melebu warga kelas siji. Pilem kang diputer yaiku pilem teka Jerman lan Hollywood kang ditarjamahaken nyang ucap basa Landa. Sakliyane dienggo ndileng biskup, ring kono dinggo panggonan kecaruke wong-wong kelas siji iki. Ana biliyare (bola sodok) lan memengan liyane. Kadhang ana dhayoh penting ya dipapag ring gedhung iki. Bengen dhayoh rombongan Mangkoenegoro dipapag ring gedhung Societeit iki. Kerana ana memengan bola sodok masarakat ngarani gedhung iki “Kamar Bola”.
2. Umah Dinas Komandan Kodim 0825
Bangunan umah kang ana ring dalan Veteran iki wetane (jejer) ambi gedhung Juang 45. Kadhung nyawang cendhela kang dhuwur iku nduduhaken kadhung gedhung iki dibangun magih jamane Landa. Taping penulis durung nemu tulisan kang nyatakaken bangunan kang saiki dipanggoni Komandan Kodim 0825 bengen nalika jaman Landa bangunan iki umah paran lan umahe sapa.
3. Umah Dinas Kapolresta Banyuwangi
Kaya dene Umah kang saiki dipanggoni Komandan Kodim 0825, Umah kang saiki dipanggoni Kapolresta Banyuwangi iki sing diuwah kabeh kaya gedhung juang 45, mung ana tambahan ngarep kang dinggo teras. Umah kang mbedakaken umah dhines iki teka kelir cet cendhelane. Umah kapolresta kang sebagiyan dinggo kumpulane ibu-ibu bhayangkari (rabine polisi) lebih akeh werna kuninge).
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.