Bangunan Tanggane Asrama Inggrisan (Bagiyan 2, pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 10 April 2025 05:58 WIB)
- Laporan



Bangunan Tanggane Asrama Inggrisan (Bagiyan 2, pungkas)
Ditulis ring Nani Asiamy

4.      SDN Kepatihan
Sekolah Dasar kang magih dijaga bangunane sakat teka jaman Landa, sing diuwah teka aseline ring kutha Banyuwangi iki ya mung SDN Kepatihan. Bangunan kang ana ring jejere umah dhines Kapolresta wis gonta-ganti aran. Sedurunge diarani SDN Kepatihan, aran sekolahe SDN Alun-alun lan SDN Tegalloji. Mari gedigu diuwah arane dadi SDN Blambangan 1, 2, lan 3. Sekolah kang ana bangunan Landa-ne diarani SDN Blambangan 1. Sakteruse diuwah maning dadi SDN Kepatihan 1. Saiki telung sekolah kang sak pelataran iku diuwah maning dadi SDN Kepatihan.
   Sakliyane bangunan kang dijaga lan dirumat, bangku-bangku kang bengen nyambung ambi mejane sampek saiki magih ana mung wis dipedhot (dipisah)  antara meja lan bangkune. Apuwa dipedhot? Carane lare belajar saiki akeh dhiskusine. Makene sing abot ulihe mindhah bangku-bangkune ahire ditugeli. Malah belajare lare saiki sing nganggo bangku maning taping nganggo kursi kang gampang ngelihe. Sedheng ngarepe bangunan kelas lawas iku, saiki dibangun gazebo.
 
5.     Taman Blambangan
Alun-alun (tegal) hang panggone ana ring ngarepe Asrama Inggrisan iki wis ana sakat jamane Landa. Kaya kang tau disampekaken Marco Kusumawijaya nalika dadi narasumbere seminar Menengok Asrama Inggrisan kadhung Landa nganakaken alun-alun utawa esplanade nong tengah-tengahe bangunan-bangunan kang tujuwane kanggo melaku-melaku tuan-tuan lan nyonya-nyonya ring wayah soren. Ring tengah alun-alun ana wit-witan gedhi kanggo iyupan.
   Alun-alun iku arane tegaloji taping serta aran SD diganti dadi SDN Blambangan, tegaloji uga ganti arane dadi taman Blambangan.  Alun-alun saiki wis ana bangunane, kang madhep asrama Inggrisan arane Gesibu (Gelanggang Seni Budaya) lan ring ungkurane magih dadi tanah lapang lan ana panggung kang terbuka (penonton ndileng tontonan tanpa iyupan)

6.     Kantor Pos Banyuwangi
Bangunan kang ana sakubenge Inggrisan magih ana maning yaiku bangunan Kantor Pos. Sedurunge maju teknologi lan komunikasi kang tambah melesat iki, kantor pos siji-sijine kantor kang dibutuhena seru ambi masarakat utamane wong-wong kang mbutuhaken komunikasi ambi dulur berayane. Sing mung surat thok kang diladeni kantor pos taping ana telegram, kartupos,  lan warkat pos.
   Bangunan Kantor pos Banyuwangi magih ngadeg jejeg ana ring kidule Asrama Inggrisan, lan sampek saiki magih ngeladeni masarakat kang mbutuhaken. Mung unike, saiki wis sing kathik perangko kanggo kirim surat, cukup dicathet ambi petugase. Mung bain ana kang wis sing dimampaataken ambi kantor pos yaiku kotak pos utawa brievenbus panggonan ndeleh surat kang magih jejeg nong ngarepe bangunan. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf