Bankir Mbeliyaki Agul-Agul Belambangan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 02 Desember 2025 08:22 WIB)
- Laporan
Bankir lan seniman Elvin Hendratha, mbeliyaki novel Agul-Agul Belambangan (AAB) nganggo analisa hang landhep lan akademis sak perlu niteni lan ngaji isine novel hang tau menang hadhiyah Rancage 2017, ngalahaken karya sastera Jawa liyane.
Elvin ngomong ring Iwuh Gedhe Sastera Using hang digelar Sengker Kuwung Belambangan dina Minggu 30 Nopember ring pendhapa Kecamatan Banyuwangi.
Elvin iki wong hang ngedegaken grup musik teradhisional Joyo Karyo lan tau nulis buku Angklung Tabung Musik Blambangan, setuju ambi Dr. Moh. Arif hang nulis pengantare yaiku novele iki ngemu sejarah lokal, mbangun karakter bangsa lan novel sejarah hang relatip jarang.
Ring Elvin, AAB dibandhingaken ambi Babad Tawangalun (BT) merga bagiyan sejarah, wektu lan tokoh-tokohe hang padha.
Bedane, iki hang diunekaken anomali, ana pirangane bahasan. Umpamane AAB ditulis nganggo bucu sawang (sudut pandang) rakyat, dene BT keraton sentris (raja, pangeran lan temenggung).
Ana pisan bab Wong Agung Wilis hang ring BT hang berjuwang merga hing diangkat dadi patih, sampek iyane "mbuwang raga" ring tanah liya. Ring AAB, Wilis berjuwang merga pamane yaiku Rangga Setata dipitenah sampek ketemu patine. Wilis berjuwang murni ngelawan penjajah Landa.
Ana pisan ngomongaken Jagapati. Ring BT, diceritakaken Jagapati iku minangka buyute teka selir nomer lima Tawangalun. Iyane ilang kesaktiyane marek ilmune "ditransfer" nang Sayuwiwit. Dene ring AAB, Jagapati anake Tawangalun teka selir hang berjuwang bareng ambi Sayuwiwit.
Ana pisan tokoh Mas Anom, Mas Weka lan Tepasana, hang endi pahlawan lan penghianat? Merga bucu sawang hang beda mau, dadi kuwalik.
Elvin uga ngomongaken bedane bahasan liya kayata struktur, klimaks, masalah lan solusi, sampek perinthilan. Masalah musik, cerita roman welas asihe para tokoh lan liyane.
Elvin ya wis akeh pitakonan umpamane bain aran-aran tokoh hang dienggo ring AAB. Aran iku mesthine hang cocog ambi jamane. Hang nggawe legane ati, cumpu Syaiful iki nganggo aran-aran Banyuwangi dudu aran liyane kayata Jawa utawa Bali.
Elvin nyontohaken penulis hebat Pramudya Ananta Toer lan Langit Kresna Hariadi, wong Tegaldlimo hang novele wis puluhan lan sak cerita bisa atusan halaman, saben dina nyatheti aran-aran anyar hang katone apik lan cocog kanggo karakter tokoh, umpamane aran wong ndhuwuran beda ambi aran rakyat biyasah. Engkone aran-aran iki bisa makili golongan karakter hang ana ring novele. Elvin nemokaken kira-kira ana 48 tokoh ring cerita AAB.
Entek bebek, entek meri dititeni ambi Elvin ring AAB.
Dadi kesimpulane, AAB iki novel sejarah tah sejarah hang dinovelaken. Kanggone penulise sing penting, sekarepe hang maca nyebute paran. Lumuh.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.