Banyuwangi Arep Duwe 11 Buku Anyar Cerita Kanggo Lalare

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 21 Mei 2025 06:34 WIB)
- Laporan



Banyuwangi arep nduwe 11 buku anyar kanggo lalare dwi basa Using-Indonesia hang digarap lan diterbitaken ring Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) taun 2025.
   "Tujuwane iwuh iki kanggo nyedhiani bahan wacanan bermutu kanggo lalare nganggo basa lokal lan muatan lokal," gedigu jare Humas KKLP Penerjemahan BBJT Ibu Dalwi Ningsih. Iwuh iki ketua Seleksine yaiku Pak Hero Patrianto. Dene KKLP Penerjemah ring BBJT koordinatore yaiku Pak Awaludin Rusiandi.
   Hing mung Banyuwangi lan basa Using hang ulih temblukan ring iwuh iki naming uga basa Jawa lan Medura.
   Jare Bu Dalwi kabehe naskah hang melebu ring panitiya yaiku hang nganggo basa Jawa 314 naskah, Madura 60 naskah lan basa Using 28 naskah.
   "Mula taun iki naskah hang diterima lebih sithik timbang hang melebu ring lomba taun sore yaiku emeh 800 naskah," tambah Bu Dalwi.
   Teka sekabehe naskah iku wis dibeliyaki lan dipilih hang apik yaiku: basa Jawa 78 naskah, Madura 18 naskah lan Using 11 naskah.
   Aju BBJT ya nganakaken pilihan kanggo sapa hang bisa ngalih basa nasakah-naskah iku nang basa Indonesia.
   Wong hang kepilih yaiku basa Jawa ana 26 wong, basa Madura 6 wong lan basa Using 4 wong.
   Para penerjemah iki engko diwani tugas ngalih basa naskah hang wis kepilih arep diterbitaken.
   Asil bukune hang wis terbit, dideleh ring web-e BBJT supaya bisa digoleti sapa bain hang kepingin maca. Bukune ditampilaken ambi gambar-gambar ilustradi hang apik, hang cocog kanggo lalare.
   Teka Banyuwangi hang kepilih minangka Penerjemah yaiku Nur Holipah, Rayhan Rizki Fadhillah, Heni Kurniawati, Andi Sep Kurniawan.
  Dene hang kepilih ring Menulis Naskah Cerita Anak yaiku Andi Sep Kurniawan (Keneng Tundhik Seblang), M. Sadam Muarif (Keluwung ring Kampung Using; Dandang Dumpil), Lailatul Badriah (Sukamade Akeh Penyune), Nur Aini (Kembang Mawar Duwene Sekar; Nyanting Gajahuling), Novi Susanti (Paran Hang Kelap-kelip iku?), Wahyu Rizki Kurnaini (Jogi Hang Gathek), Putri Nurul Azizah (Umah-Umah Kemiren), Ratih Puspa Sari (Kelemben Mina), Rayhan Rizki Fadhillah (Oh, Gedigu Ceritane!).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf