Banyuwangi Arep Duwe Giro Penganten Dhewek
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 21 Agustus 2025 05:28 WIB)
- Laporan
Banyuwangi Arep Meleciraken Gendhing Giro Penganten
Banyuwangi arepe duwe gendhing giro penganten dhewek, dadi penganten Using hing perlu nganggo Kebo Giro Jawa kaya hang dilakoni seperene.
Jare Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Kang Hasan Basri giro penganten iki hang nggarap DKB sedheng anggarane teka Dinas Kebudayaan dan Pariwisata bidang Ekraf.
Giro iki digarap emeh sak ulan setengah dikawiti gesah wong papat Kang Hasan, Kang Juwono, Kang Muh. Ikwan lan Haidi aju ngundang tokoh adat, pelaku upacara penganten.
Tokoh hang dijaluki penemu kayata Ketua Adat Kemiren Kang Suhaimi, makili pembawa acara penganten Kang Budi Banje, makili tukang cucuk lampah Kang Edi Kantong.
Marek nyusun konsepe, aju rekaman ning setudhiyo Larasati, Singojuruh. Musike digarap wong telu: Kang Haidi nyekel kendhang, kethuk lan gong, Kang Ikwan nyekel bahola lan keluncing, sedheng hang duwe setudhiyo Kang Juwono nabuh genjir lan calung. Vokale nganggo Gandrung Sunasih Cungking.
Jare Haidi sebagiyan dijuwutaken teka gendhing-gendhing gandrung kaya Seblang Subuh.
Ana pirangane bagiyan ring gendhing iku:
- 1. Gendhing pengiring
- 2. Pambuka
- 3.. Gendhing juru laku (cucuk lampah)
- 4.Temu penganten
- 5. Sungkeman
- 6. Gendhing uyon-uyon.
"Ya kelendi kebutuhane pengantene kari nyocogaken," jare Haidi.
Asile rekaman engko arep diubar ring workshop pranatacara penganten, jare Kang Hasan.
"Hak cipta duwene pemerintah Kabupaten Banyuwangi. Keneng dienggo sapa bain, sakmarine workshop."
Workshope arep ngundang para penata rias penganten, pembawa acara sak Banyuwangi tanggal 13 September 2025.
"Hing ana royalti. Sapa bain bisa nganggo," jare Kang Hasan Basri.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






