Banyuwangi Arep Nggawe Dana Abadi Ulihe Ngadol Saham Tumpang Pitu
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 10 Oktober 2025 08:33 WIB)
- Laporan

Banyuwangi Arep Nggawe Dana Abadi Ulihe Adol Saham Tumpang Pitu
Menteri Dalam Negeri Tito Karnavian nyokong rencana Pemerintah Kabupaten Banyuwangi hang arep nggawe Dana Abadi Daerah (DAD).
Sorene maning (8/10/2025) tepak nemoni Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani ring komplek Widyacandra, Tito nduduhaken sokongane ring rencana iku.
"Bisa dadi buffer zone, bumper, kanggo pembangunan dhaerah,” jare Tito hang dikancani Plh Dirjen Keuangan Kemendagri Horas Maurits Panjaitan.
Naming iyane uga ngengetaken gok kudune pihak liya diejak rembugan tepak nyusun DAD.
Umpamane, Kejaksaan kanggo ngewani penemu bab hukum saingga DADne engko wis selaras ambi aturan.
Tito uga nduduhaken kajune ring rencana anyar Banyuwangi iku ndeleng keterbatasan ruang fiskal saiki.
“Banyuwangi iki salah siji tuladha hang dadi teladhan kanggonisun, utamane dhaerah kabupaten, hang hing tau entek energine kanggo nggawe inovasi," jare Tito.
Dene Bupati Ipuk hang dikancani Sekretaris Daerah Banyuwangi Guntur Priambodo lan pirangane kepala dinas, ngomong iyane mikir engkone DAD kanggo ngongkosi pembangunan.
DAD iku direncanakaken ulihe teka ngadol saham Pemkab Banyuwangi ring tambang emas Tumpang Pitu hang digarap ring PT Bumi Sukses Indo (BSI).
Dadi picise hing sekala dientekaken naming didadekaken stimulus pembangunan dhaerah, jare Ipuk.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.