Banyuwangi Duwe Wahana Anyar Olahraga Banyu

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 08 Juli 2025 06:26 WIB)
- Laporan



Banyuwangi Duwe Wahana Anyar Olahraga Banyu

Tambah maning panggonan lan wadhah kelenceran ring Banyuwangi. Dina Minggu sore iku ring pelabuhan rakyat Pantai Boom dipeleciraken wahana kelenceran anyar kanggone wong-wong hususe hang dhemen olahraga banyu. Kayata main Jetski,  Banana Boat, lan Kano.
   PT. Eleasha Khalisa Sabira meleciraken wahana anyar hang diarani El Watersport iki kelawan investasi hang gedhine 1,5 milyar, jare CEO lan sekaligus wong hang duwe yaiku Pak Boby Mulya Kusuma nang belambangan.com. Modhal semono iku diarepaken bisa balik 20 ulan mengarep.
   Apuwa Pak Boby gelem mbukak usaha El Watersport nong kene? "Hang kawitan Isun minangka wong hang nduweni usaha iki, lair lan gedhi ring Banyuwangi. Hang kepindho donya kelenceran ring Banyuwangi merujuk temenanan lan hang pungkasan kene kepingine nyedhiyani varian panggon jujugan kelenceran hang beda kelawan anane El Watersport iki."
  Ambekaneya durung duwe pengalaman sedurunge, El Watersport dibantu tim  seadoo kanggo ngelakokaken jasa jetskine.
   Seperene mula kelenceran olahraga banyu iki kesuwure nong Bali. Taping El Watersport kepingin ngenalaken gok Banyuwangi uga nduwe potensi gedhe ring donya olahraga banyu iki.
   Jare Pak Boby pesisir Boom iki ditamtoaken dadi panggonan utama merga panggonane seterategis, jujugane gampang lan nduweni pemandangan hang apik.
   Kelawan dibukake wahana El Watersport ring pesisir Boom iki bisa nambahi daya tarik lan bisa mbukak peluang ekonomi kanggo wong kene.
  Kadhung arep pesen sulung bisa ring nomer 081376900052.
   Ongkos nunggang jetski 15 menit Rp. 350.000, 30 menit Rp. 600.000 lan sak jame Rp. 1.000.000. Dene nunggang kano, Rp. 50.000 kanggo 30 menit lan Banana Boat Rp. 50.000 sekali nunggang.
   Pasilitase kelebu poto lan pideo, peralatane, banyu mineral lan cedhing kanggo bilas.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor