Sanggar seni hang wis kesuwur ring Banyuwangi Joyokaryo golet lalare anggota anyar hang gelem sinau ring sanggar ring Dukuh Sawahan Pengantigan iku.
"Banyuwangi mula krisis penari lanang lan panjak," jare pembina Sanggar Joyokaryo Elvin Hendratha.
Pangsiyunan bankir hang tau nulis buku Angklung Tabung Musik Blambangan iku ngomong gok kahanane ring lapangan mula gedigu. Panjak ring sanggare kadhang dieret merana merene merga krisis iku mau.
Kadhung anane penari lanang mula rada ngadhepi dilema.
"Taping penari lanang iku rada repot. Kadhung wis dadi, wong-wong hing pati dhemen nanggap tapi kadhung ana perlune buru kedandapan," jare Elvin. Polae, biyasahe lare lanang dadi eret-eretan antarane dadi penari tah panjak.
Mangkane ring salah siji pertunjukan yaiku Yogyakarta Gamelan Festival hang digelar ring Ngasem Yogya, ring kono Joyokaryo nggawa rombongan para virtuoso, yaiku seniman hang nguwasani telung kepinteran. Pamer kompetensi kemampuan nguwasani pirangane alat tetabuhan, pamer vokal lan pamer kemampuan njuged.
Ana lare 10 lanang kabeh hang bisa nduduhaken kemampuane ring telung wilayah seni iku.
Nggawa tampilan hang diwani judhul "Sang Waktu" Joyokaryo mbagi pirangane babak yaiku Wayah Subuh, Wayah Rantag, Wayah Raino, Wayah Samarwulu, Wayah Bengi lan penutup Sembulihan.
Hang diunggah isine nampilaken sugihe uni ring Bumi Belambangan ring antarane pelog lan selendro, ngambahi dinamika Angklung Caruk, Kuntulan, Macaan lan Gandrungan.
Ring sanggar Joyokaryo saiki ana lare penari lanang kari 4 tah 5 hang pungkasane dadi panjak. Pira kudune ana penari lanang? "Apike (ideale) sak pasang sak pasang minimal. Kadhung gandrung umpamane tanggapan sampek enem mesthine ya enem pasang."
Jare Elvin biyasahe kadhung sak pengadeg angklung wong 13. Kadhung akustikan kira-kira 10, dhung ditambah saron loro dadi 12, bisa sampek 15.
Merga arang tanggapan mau, penari lanang akeh hang rontog. "Saiki goleta nang sanggar endi bain wis, wadon sak arat-arat hing ana lanange. Tepak dibutuhaken dienggo casting lanang kepaksa nganggo wadon dipaesi lanang." Malah pengalamane Elvin tepak diundang keliling nang sanggar-sanggar seni liyane "99,9 persen iku wadon."
Kelendi carane lalare makene dhemen latihan nong Joyokaryo? Jare Elvin latihane digawe kaya memengan lan seduluran. Nggawe rujakan, marek digu latihan maning. Digu bain dhemen lalare mangkane kerasan.
Paran maning dhasare Joyokaryo hing komersil, kudu bayar semene. Mula ring pendhaptarane ditarik hing sampek 100ewu. Sakuwise iku hing ana maning. Anane sukur ngedharaken omplong ngisi sak ihlase. "Iku bain akeh hang hing ngewani."
Hing maido, kadhang tagihan listrik sampek kasep mbayar lan ditambeli pembinane.
Kelendi, arep milu dhaptar?