Banyuwangi Meleciraken Beras Unggul Sunwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 27 Juni 2025 06:53 WIB)
- Laporan
Banyuwangi Meleciraken Beras Unggul Sunwangi
Paran maning terobosan anyar hang dikenalaken Kabupaten Banyuwangi? Sorene maning dipeleciraken ekosistem beras biofortifikasi "Sunwangi" hang wis nganggo ukuran industri hang kawitan ring Indonesia.
Sunwangi, Sun Rice of Java Banyuwangi, iki diaku minangka beras biofortifikasi hang nduweni nutrisi dhuwur asile budidaya pari hang uwis diunggahaken gizine.
Sunwangi nduweni maneka pitamin lan mineral kayata pitamin A, B1, B3, B12, B9 (asam folat), jat besi, lan zinc.
Bupati Banyuwangi, Ipuk Fiestiandani ngucap sukur merga wilayahe didadekaken panggonan proyek percontohan kanggo merujukaken beras biofortifikasi.
Paran maning ring ekosisteme, disokong pirangane pihak, dadi manpaate hing mung dirasakaken sektor pertanian naming uga dirasakaken ring sektor kesehatan, ekonomi, lan nyuda kemiskinan, jare Bu Ipuk.
Ipuk uga ngomong gok seliyane kanggo ngunggahaken gizi masarakat, program iki ya bisa nyokong rega beras.
"Banyuwangi nargetaken budidaya Sunwangi sampek 500 hektar kedhokan taun ngarep."
"Muga-muga programe iki bisa lestari dadi manpaate bisa dirasakaken masarakat Banyuwangi. Paran maning kandhungan nutrisine dhuwur," jare Bu Ipuk.
Beras Sunwangi iki asile budidaya jenis pari hang wis ditambahi ambi jat besi (Fe) lan zinc (Zn). Rong macem jat iki penting seru kanggone tumbuh-kembange lare-lare, segere awake emake lan kanggo nyukupi gizi masarakat.
Ring mangsa kawitan, ekosisteme iki dicacak ring kedhokan hang werane limang hektar nganggo jenis Nutrizinc hang ngandhung jat besi lan zinc 25–50% lebih dhuwur timbang pari biyasah.
Serta Nutrizinc nduduhaken asil gizi hang dhuwur, ring laku seteruse dikembangaken jenis winih hang wis disempurnakaken kayata IPB 9G lan IPB 15S, mesisan kanggo nggoleti jenis pari biofortifikasi liyane hang nduweni gizi dhuwur.
Jenis winih iki gabungan hang ngandhung mikronutrien dhuwur lan produksine akeh. Umume pari mung ngasilaken 6-7 ton saben hektare, dene jenis iki bisa sampik 11 ton.
"Beras iki hing mung nduweni gizi lebih dhuwur naming nguntungaken wong tani merga asile lebih akeh," jare Guru Besar IPB, Prof. Dr. Hajrial Aswidinnoor, hang nemokaken jenis pari biofortifikasi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






