Barikan Sega Golong ring Kedung Lewung
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 07 Juli 2025 07:02 WIB)
- Laporan
Barikan Sega Golong ring Kedung Lewung
Kaya rata-rata ring dusun/desa ning Banyuwangi, Dusun Kedung Lewung, desa Kemiri, Kecamatan Singojuruh nduweni acara bersih desa kelawan nggelar Barikan Sega Golong.
Wis rong taun seperene, warga saya guyub nggelar barikan iki ring lurung dusun, taun sedurunge dianakaken dhewek-dhewek sak keluwargane ring umahe dhewek.
Jare Kepala Dusun Kedung Lewung Pak Solihin, nang koresponden belambangan.com, Vika Varia, masarakat nguri-uri weluri jaman kuna teka embah-embah bengen.
Wekase ruwahe Mbah Rajemah, hang dianggep wong tuwek ring dusun kono, anak putune kudu nganakaken Barikan Sega Golong saben tanggal 10 Suro/Muharrom.
"Alhamdulillah, masarakat Kedung Lewung niki padha guyub saben jam papat soren mangkat barikane sampek sedurunge magerib," jare Pak Solihin.
Tujuwane "kersane sedaya selamet hususe dusune, umume desane. Hang diparingi sakit mugi-mugi gancang disepura Gusti Alloh, penyakit hang enten ring dusun gancang diicali kalih Gusti Alloh. Dados tujuwane tetep teng Gusti Alloh. Mung sodakohe arupa sega golong."
Sega golong iku arupa sega hang dibungkus godhong diwani endhog lan pecel utawa uraban, maksude "makene bolong kabeh hing ana hambatan."
Saben umah nyedhiyani sega golong dhewek-dhewek aju digawa ring lurung lan dipangan bareng.
Barikane sore iku ditekani kabeh warga kelebu kerawat dusun, teka pesantren kelebu Gus-e lan santri uga lalare nom-noman.
Ana hang hing anjrah sakmarine barikan ring kono. Godhong-godhong sega golong iku dieler ring panggonan hing gancang dideleh ring jumbleng.
Cumpu iku wekase Mbah Rajemah bengen yaiku ana dhanyang hang njaga desa kono makene milu ngerasakaken pisan barikane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Laporan Vika Varia
Editor: Antariksawan Jusuf





