Garapane Totok Hariyanto
Babak kaping pindho judhule Buta-butaan.
Ceritane gedigi:
Juru Tambur, Juru Layar lan Juru Kemudi ana ring tengah alas. Wong telu mau kecaruk ambi Panji Sumirah kang asale pesisir Pulo Selaka. Serta mari kenalan, Panji Sumirah ditemokaken nyang Mbah Gembreng. Mbah Gembreng takon nyang Panji Sumirah paran perlune. Nalika weruh perlune nyang Alas Dribaya, Mbah Gembreng ngerasani Panji Sumirah, polae alas iku kejuluk alas kang tenget. Kerana Panji Sumirah maksa bain, Mbah Gembreng nguweni pusaka.
Gadug alas, Panji Sumirah dicegat buta akehe loro. Panji Sumirah kang nggawa pusaka bisa ngalahaken buta. Buru mari ngalahaken buta, teka jim akehe papat. Telung jim bisa dipateni, kang siji diselametaken Garudha. Jim iku arep dirabi ambi Juru Kemudhi, kerana iku Juru Kemudhi, Juru Tambur lan Juru Layar njaluk tulung nyang Panji Sumirah. Panji Sumirah perang ambi Garudha, Garudha kalah. Juru Kemudi kelaksan ngerabi jim. Pengantenane diramekaken gedhe-gedhean.
Babak kaping telu judhule Suwarti.
Ceritane gedigi:
Juru Tambur, Juru Layar lan Juru kemudhi
dikongkon njaga Suwarti kang magih cilik ambi Pak lan Mbok Suwarti. Naming wong telu mau semberana. Suwarti cilik diculik ambi Dhudhuk Maling (macan kang doyan mangan macan cilik).
Temakaken Suwarti sing dipateni. Serta gedhe Suwarti dibalekaken nyang Mak Suwarti. Suwarti dhemen nyang lare lanang kang arane Suwarno. Pak Janaka ndalakaken kekarepane Suwarti. Pungkasane, Suwarti laki ambi Suwarno. Pengantenane diramekaken ambi ngundang gandrung, tuting lan tajen pitik.
Babak kaping papat judhule Tuan-tuanan
Jongos dai bature Pak Mantri. Pak Mantri duwe rabi loro, Siti Ambari lan Siti Sundari. Sawijine dina Pak Mantri menyang nyang Surabaya, rabine sing diejak dititipaken nyang Jongos dikongkon njaga. Jongos ketilaban, Siti Ambari diculik Londaya nyang Alas Purwa.
Pak Mantri teka, muring nyang Jongos. Pak mantri mbukak sayembara sapa kang bisa nyelametaken Siti Ambari, bisa ngerabi Siti Ambari. Lantaran rekadayane Jongos, Londaya bisa dtangkep, naming magih bisa melayu. Ahire Londaya bisa dikalahaken ambi Garudha lan Londaya balik nyang wujud asline yaiku macan gedhe.
(ana terusane)