Garapane Totok Hariyanto

Anta Wicara

 Anta wicara lan gendhing-gendhing pengiringe kesenian Barong nganggo basa Using. Kadhung dibandhingaken ambi teater teradhisi liyane kang ana ring Banyuwangi kaya kesenian Damarulan, Praburara, kesenian Singa Barung dadi siji-sijine kang magih nganggo basa Using. Kadhung liyane wis nganggo basa Jawa.

Tabuhan lan Gendhing Pengiring

 Tabuhan kang dienggo kesenian Barong akehe wolu, yaiku: bonang selendro loro, gong loro kendhang loro, keluncing siji, kecrek siji, saron loro, dhemung siji lan angklung siji. Teka tabuhan kang dienggo gabungan tabuhan Jawa lan Using, ngelairaken kaendahan suwara kang has kreatifitas wong Using kang mula pinter ngeracik macem-maceme tabuhan.

Gendhing-gendhing pengiringe yaiku:

1. Gendhing Perejeng

2. Gendhing Kembang Jeruk

3. Gendhing Giroan

4. Gendhing Padha Nonton

5. Gendhing Uga-uga

6. Gendhing Sampak

7. Gendhing Tuan-tuanan

8. Gendhing Erang-erang

9. Gendhing Jaran Dhawuk

10. Gendhing macan-macanan

   Sajen lan Sesambungane Ambi Buyut Cili

 Kesenian Barong Desa Kemiren sing bisa dipisahaken ambi Buyut Cili kang dipercaya dadi leluhure dulur Kemiren. Mula angger arep nggelar kesenian Barong embuh iku acara adat embuh kundangan dulur Kemiren sing wani ninggalaken ngalap berkah ring pesarehane Buyut Cili. Dulur Kemiren uga percaya gok kesenian Barong iki pantangan dianakaken ring Desa Oleh Sari. Kepercayaan iki turun temurun sing ana kang wani nabrak. Kadhung nabrak wewarah iki wong Kemiren bakal nerima belahi.

(Ana terusane)