Basa Using Kudu Munggah Pangkat

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 08 September 2025 06:37 WIB)
- Laporan



Basa Using Kudu Munggah Pangkat

Engkapan cerita lokal basa Using bisa munggah ring biskop? Pitakonan iki metu teka Kang Dr. Slamet Hariadi ring acara meleciraken 8 buku ring Nidom Coffee station Sabtu sore (6 Sep 25).
   "Cerita-cerita lokal, local genius, patut dielungi jempol. Muga-muga mengarepe bisa dimanifestasikan arupa karya sinema," jare doktor ilmu Biologi ring Universitas Jember hang duwe wigati ring budaya.
    "Sapa weruh engko digawa ring tataran nasional, kaya pilem KKN di Desa Penari, iku yara Banyuwangi seru."
    Mula teka wolung buku hang dipeleciraken iku enem arupa buku cerita apen-apen (fiksi), siji kumpulan gurit, lan siji kumpulan tulisan kolom. Kumpulan Cerita Cendhek 11 Taun garapane Nur Holipah, Lembayung Sak Unting garapane Satriya Pujangga, Agul-Agul Belambangan 
cetakan kepindho garapane Moh. Syaiful, Lilin lan Lintang garapane Wahyu Rizki, Ngutugi Ati garapane Ansorik, novel garapane Kang Ujik Ontrang-Ontrang Langit Payaman, Kumpulan Cerita Cendhek Mulih lan Juger-Juger Basa Using garapan Antariksawan.
   Hang nomer loro, Kang Slahar iki uga ngarep-arep logat basa Using digawa nang tingkat nasional ambi wong Banyuwangi. "Kaya Pak Mahfud MD iku basa Indonesiane, nduduhaken Medurane."
   Komentar liya teka sasterawan Fatah Yasin Noor, basa Using enake sewates mung dienggo omong-omongan.    
    Njuwut omongane Kang Yon DD, "Basa Using iku lebih enak diomongaken timbang ditulis. Kadhung diomongaken digi enak taping sarta diabadikan dadi tulisan dadine carut marut. (Basa tulis) arep digawe seragam, cumpu wis pirang taun tetep hing bisa."
   Ngomentari Kang Fatah, sastrawan Kang Ujik (Abdullah Fauzi) njelentrehaken sulung sejarah apuwa gok basa Using ditulis. "Perjuwangane Pak Hasan Ali lan liya-liyane merga kepingine Basa Using diakoni minangka basa dhewek naming kudu ana karya sasterane, ana buku tata bahasane, kamuse. Iki kabeh kudu ditulis. Salahe mula basa Using hing duwe aturan hang jejeg kaya carakan."
   Kang Ujik ngewani conto: Anakisun nomer loro wetenge loro. Ucap loro iku mesthi dibedakaken tulisane 'loro' lan 'lara' makene hing dadi salah paham.
   Dene bankir hang uga duwe grup musik Joyo Karyo lan penulis buku Angklung Tabung Musik Blambangan, Elvin Hendratha, ngaku gok iyane kelebu keluwarga Sengker Kuwung Belambangan masiya hing patiya aktip.
   Bengen iyane tau milu mbangun kamus Using daring, aju buku Angklung Tabung Musik Blambangan diterbitaken SKB.
    "Konsistensine SKB luar biyasah. Hing entheng perjuwangane. Hing perdhuli wong hang ndeleng pokoke perujukena terus basa Using," jare Kang Elvin.
   Hang pungkasan, masiya tampil kawitan lan hing makili Dewan Kesenian Blambangan merga ketuane, Hasan Basri, hing bisa teka ring acara buku iku, Kang Yon DD ngadeg ring ngarep kaya wong ngewer. Ucapane sithik taping nggawe munyik wong hang teka.
   Sengker iku artine Sengketa Kerja, suatu pekerjaan harus disengketakan sulung, jare Kang Yon.
   "Sengker Kuwung iku lair untuk hidup, dudu lair untuk mati," jare penyanyi, pencipta lagu lan bintang pelem iki ngewani semangat.
   Acarane uga nampilaken Ahmad Rifandi Octavian, lare kelas 7 SMP 2 Rogojampi nggawakaken gendhing kuna Layar Kumendung. Uga disekseni Kang Ayunk Notonegoro teka Komunitas Pegon, Nanang Kuswoyo salah siji maestro tembang, Heni Kurniawati guru SD hang melebu tim Penulis buku pelajaran Basa Using, lan Kang Ilham Triadi masiya tekane rada kasep.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor