Basa Using Makene Saya Jejeg Kudu Tetep Egaliter
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 05 Desember 2025 08:01 WIB)
- Laporan
Basa Using Makene Saya Jejeg Kudu Tetep Egaliter
Paran hang mbedakaken basa Using ambi basa Jawa utawa basa Bali hang urip bareng ring bumi Belambangan iki?
"Egaliter basa Using iku hang kudu dijaga diuri-uri, hang hing ditemoni ring budaya Jawa lan Bali. Anane ring budaya Melayu utawa basa Inggris lan basa Arab," gedigu jare Ketua Dewan Kesenian Blambangan Kang Hasan Basri tepak diskusi nggesahaken novele Ontrang-Ontrang Langit Payaman (OOLP) dina Minggu 30 Nopember ring pendhapa kecamatan Banyuwangi.
Ana rong novel hang digesahaken yaiku Agul-Agul Belambangan karyane Moh. Syaiful hang menang hadhiyah Rancage 2017 lan OOLP karyane Kang Ujik (Abdullah Fauzi) hang ulih Anugerah Sutasoma minangka karya sastra daerah terbaik ring Jawa Timur.
Kang Hasan hang kerep diceluk Kang Son iki uga rada perihatin merga egalitere basa Using iku keseren ambi basa hang lebih gedhi (lebih akeh penuture).
"Penilaian baik buruk basa karena kesopanan, nganggo ukuran Jawa.
Using pesantikane nong kono," jare Kang Son hang mbahas novele ambi Muttafaqur Rohmah, dosen ring Untag lan peneliti budaya.
Kanggo njaga jejege (vitalitas) basa using, "kene kudu ngurangi ukuran basa Jawa. Ulih besiki taping aja kelagot. Aja muni "kesuwun" tapi "terima", jare Kang Son.
Basa Using iki melebu kategori basa hang mesthi diperjuwangaken. Mangkane kudu ana upaya seterategis kelendi carane makene basa Using iki hing gampang entek.
"Digoleti kelebihane paran, lan diperjuwangaken eksistensine," jare Kang Son. Hang apik dienggo, hang elek lan hing masuk akal, ditinggal, kadhung wong Using arep maju.
Umpamane ring OOLP ana cerita tokoh Jurik hang nambeng "digoletaken sarat" ring dhukun.
"Wong Using butuh maju aja meromantisme hang bengen-bengen, hing payu," jare Kang Son.
Kaya genthong hang dideleh njero umah, secara science menguntungkan ya dienggo. Naming kadhung hing ana gunane ya ditinggal.
"Kadhung Jurik nambeng aja disarati, saiki hing payu. Kadhung Jurik nambeng digawa nang psikolog, gedigu pendekatane, mengarepe hang hing masuk akal dikurangi."
Teka kutha santhet nyang internet, bener iku. "Isun mesthi nggerundhel kadhung ring seremoni ana tarian "Jaran Goyang" merga wis hing cocog saiki. Kadhung kepingin rabi ya dadiya lare hang apik."
Ana pisan ring OOLP, hang njuwut latar cerita taun 1960an, aran celukan wong. Umpamane Man Emis Timun Bungker, Wak Serad Kancil, Man Murad Luwak. Kadhung itungan jaman saiki aran-aran iki bisa kaetung minangka buli hang hing ulih nganggo ukuran budaya saiki.
"Perubahan sosial sebutane hing gedigu. Taping kene kepingin kultur spontanitas-e hang kudu dilestarekaken," jare Kang Son.
Aran-aran motip batik Banyuwangi akeh hang merga sipat spontan, kaya sembruk cacing, kopi pecah, kangkung setingkes.
Tempelan ring aran wong kudune digoleti hang hing membuli naming nganggo ciri pisik hang positip.
"Umpamane congklang utawa suthup utawa Landa taping kadhung dhingklang, wong tersinggung. Kudu golet julukan hang positip lan milih kosakata hang nggawe mongkog, umpamane, cemeng. Dullah cemeng, Atlit Afrika akeh hang cemeng, ciri pisik hang sing membuli," jare Kang Son hang arep golet celukan kanggo anak-anake.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
