Basanan Lan Paribasan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 07 Agustus 2026 06:50 WIB)
- Opini
Kadhang wong-wong ana hang durung paham mbedakaken BASANAN (pantun) ambi PARIBASAN (peribahasa), merga karya sastera Lisan Using iku kadhang dicakup dadi siji. Aseline Paribasan, taping wujude arupa Basanan.
Tuladha:
NYALING SINGKAL RA KUTHUNGA
SASAK WATU BAIN BISA EMBAT-EMBATAN
NYALING BAKAL RA WURUNGA
HANG WIS ANAK PUTU BAIN BISA PEGATAN
Baris siji lan loro dudu terima pengilon (sampiran), kanggo nggolet padhane unek (guru lagu) lan akehe ujar (guru wilangan). Masiyatah, pungkasan baris telu lan papat mula 'nyanthol' unek lan akehe ujar nang baris ndhuwure.
Acak damakena, baris kawitan 'singkal' hang teka kayu wis mesthi gampang tokleh. Iki gambaraken wong hang bakalan, bisa bain pedhot tengah dalan. Baris lorone nguwataken, kadhung sasak hang teka watu bain bisa embat-embatan. Iki kanggo paribasane wong hang wis anak putu, iku ra gambarane 'hubungan' hang wis kuwat, merga sampek duwe anak lan putu. Taping 'kemungkinan' bisa pedhot tengah dalan iku magih ana, utawa bisa pegatan.
Paribahasan mau artine, kadhung magih bakalan bain aja kaya temenan, kari temenanan. Merga mengarepe paran hang arep kedaden, menungsa hing ana hang weruh. Arane bain bakalan, bisa bakale dadi, bisa bakale wurung. Iki kang kanggo digatekaken lare-lare enom, utamane lare wadon, aja gampangan lan geleman kadhung diajak ngelakoni ngelebihi teka hubungan kancaan.
Iki ya salah siji gunane sastera lisan, basanan tah wangsalan tah paribasan, hang urip ring masarakat yaiku ngewani pituduh.
Carane alus, hing langsung diwarahi nang larene naming digoletaken paribasan, basanan tah wangsalan hang keneng dadi pengiling makene larene uripe bener.
(Hansen)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.