BBJT Arep Nerbitaken Cerita Cendhek Lalare Basa Using lan Medura
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 22 Oktober 2024 07:39 WIB)
- Laporan

Cerita cendhek basa Using anggitane lalare hang milu Kemah Cerpen Tunas Bahasa Ibu Propinsi Jawa Timur (BBJT) arep diterbitaken dadi buku.
"Marek lalare iki ulih bimbingan aju nulis ceritane lan BBJT arep nerbitaken cercene kaya hang wis dikarepaken," jare Dr. Umi Kulsum, M. Hum, kepala BBJT.
Kemah cerpen iki dianakaken tanggal 21-25 Oktober 2024 ring Swiss Bellinn hotel Surabaya.
"Diarepaken teka bucu sawang (sudut pandang), kisah lan alure has lare-lare," jare Bu Umi. Dadi engko arep ana petang terbitan cerita cendhek hang ditulis lalare hang menang taun 2023 lan 2024 basa Using lan Medura.
Iwuhe iki uga ngarepaken lalare hing gengsi lan isin nganggo basa dhaerah, jare Bu Umi.
"Muga-muga mengarepe lalare iki tetep nduweni karya lan bisa nularaken ilmune nang kanca-kancane...Dadi ana rasa dhemen." Karyane iki dikarepaken bisa nggawe mongkog hing mung lalare iki tapi kabeh masarakat, gok basa dhaerah uga bisa dienggo ngadiraken sastra kuwalitas hang dhuwur."
Ana 10 lare Banyuwangi lan 10 lare Medura teka 4 kabupaten Sumenep, Pamekasan, Sampang, Bangkalan hang milu ring iwuh iki. Lalare iki taun sore wis miloni Festival Tunas Bahasa Ibu ring Jakarta.
Ulan November tanggal 23-27 ngarep, iwuhe arep dianakaken maning kanggo lalare hang menang ring Festival Tunas Bahasa Ibu taun 2024.
Lalare Banyuwangi hang milu yaiku
Mochamad Khoirul Anam (SDN 3 Sraten), Khansa Ramadani Kusuma (SDN 1 Kabat), Kalea Nadhira Fiorenza (SDN Kepatihan), Aqira Fayyola Nadifa (SDN 2 Karangsari), Rizkia Talita Zahra (SDN Olehsari), Gadis Sifatus Soleha (SMPN 2 Srono), Putri Hidayatul Meicha (SMPN 3 Rogojampi), Frisca Dwi Maulida (SMPN 1 Kabat), Jazilah Iga Palsa (SMPN 2 Cluring), Nadhiva Rahmadania Putri (SMPN 2 Banyuwangi). Saben lare didhampingi guru siji-siji.
Taun iki BBJT uga nganakaken Festival Teater Basa Jawa kanggo lalare SMA lan SMK. Sak Indonesia ana 10 propinsi hang nggelar lomba gedigenan.
Sakat taun 2023, Badan Bahasa wis nggelar Revitalisasi Bahasa Daerah ring 5 kabupaten, papat ring Medura lan Banyuwangi. Taun iki ditambahi rong Kabupaten yaiku Bondowoso lan Situbondo.
Festival Tunas Bahasa Ibu arep dianakaken tanggal 22 Februari 2025.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.