Bedah Tari Topeng Belambangan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 27 Oktober 2025 07:01 WIB)
- Laporan
Bedah Tari Topeng Belambangan
Kanggo mapag gelaran Gandrung Sewu 2025, dina Sabtu, 25 Oktober 2025 ring Boom Marina Banyuwangi, dianakaken maneka macem acara. Salah sijine yaiku Bedah Tari Topeng Belambangan garapane maestro tari Subari Sofyan, Jemuwah, 23/10 jam 19.00 Wib, manggon ring tengah-tengahe UMKM.
Ring gesah serawung seni iku, sak liyane Kang Subari hang kudu njelentrehaken paran iku tari Topeng Belambangan hang digarap, uga nekakaken pembandhing yaiku sedulur Selamet Diharjo, S.Sn Kemiren.
Moderator dipercayakaken ring Kang Ujik. Hang teka ring acara serawung seni bedah tari iku ana Mahasiswa UNTAG 45 Banyuwangi, Politeknik, Poliwangi, Uniba lan akeh hang teka Negara Bali, Disbudpar Yogyakarta lan uga para penari Banyuwangi.
Kang Subari hang tau ulih anugerah Pemuda Pelopor Indonesia ping pindho iku njelasaken kadhung karyane ulih angen-angen teka acara Kembul Topeng ring Malang. Mbah Sholeh Malang ngengetaken kadhung Banyuwangi iku duwe topeng hang sampek seperene disimpen ambi keraton Mengwi Bali.
Selamet Diharjo,S.Sn hang sabendinane diceluki Kang Nyamnyul iku nyampekaken kadhung saben-saben topeng iku duwe watek hang bida-bida. Topeng Bali, sing padha ambi topeng Sumenep, sing padha ambi topeng Malang lan liya-liyane.
Kang Ujik hang unibengi dadi tukang dum wektu iku nyampekaken kadhung Belambangan, Mengwi lan Mataram Sultan Agung iku duwe hubungan ambi Tawangalun Macan Putih.
Kang Wira, salah sijine anggota rombongan teka Disbudpar Yogyakarta nyampekaken kadhung tari Topeng Belambangan kenthel laku sejarah. Kerana njumbulaken tokoh Prabu Tawangalun lan Patih Sayu Gringsing.
Sawetara laku rituale sing dimonclokaken. "Isun kaju ambi suguhane Kang Subari ring tari Topeng Belambangan Iki. Mung bain Isun magih nyimpen pitakonan ring jero ati, apa saben-saben dhaerah iku topenge bida-bida ya?"
Ring gesah bengi iku pitakonan iku ulih jawaban teka koreograpere langsung kadhung topeng iku duwe watek hang bida-bida.
"Aja cacak panggonan hang bida. Sak panggonan bain wis bida-bida karakter garape," abane Kang Subari.
(kang ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







